Kamis, 26 April 2012
Rabu, 25 April 2012
Nadzoman Abah Umar
SYAHADAT
SEBAGAI CITA DAN FAKTA
Dawu
Gusti sampun wekas sampun Weleh
Duwe
kuping aja budeg gage eling
Sopa
Wange nemu guru sifat papat
Gandulana
ingkang kuat ajar lepat
Ingkang
dingin sipatipun muayadin
Kapindone
ingkang welas fakir miskin
Kaping
telu iku sifate jahidin
Kaping
pate ingkang welas ning wong mu’min
Sebab
luntur ning syahadat masih bodoh
Maring
guru ayo anut ayo nyelondo
Dulur
kabeh ayu gage ngemat syahadat
Aja
dumeh sira bisa ning syahadat
Ning
syahadat wong iku ora marek
Tetep
sira ning guri ana kang nekek
Anjingna
syahadat loro maring ati
Akal
eling maring Allah manfaati
Syahadat
loro pokok dasar kepinteran
Sira
ngaji ning syahadat eling pangeran
Sebab
syahadat kita bisa ngadohi cegah
Kita
ngatur maring anak nurut perintah
Eling
Allah kang kumantil
Demen
rosul ayu ngintil
Aja
kalah karo isine pendil
Kapan
bu kapan digotong katil
Eling
Allah kang sempurna
Bisa
ora b isa akalana
Hayu
batur luru selamet bebarengan
Jaluk
sugih dunia akherat kesenengan
Alhasan
tsummal husein
Nagji
syahadat aja leren
Duha
tahajjud dilakoni
Hasan
husein kang nyakseni
Alhasan
tsummal husein
Langgemana
yen kepengen
Sesepana
islam sejati
Eling
Allah kang ning ati
Ngaku
bisa ning syahadat
Takabur
kang luwih berat
Berate
ya ngaku bisa
Gusti
Allah bakal nyiksa
Siksane
ka sia- sia
Bonggan
sira nyingkur wong mulya
Aja
sambat ka niyaya
Musuh
ira bakal teka
Kang
kandel- kandel kulite
Kang
akas- akas balunge
Kang
tegas penjawabane
Diganden
mangsa wurunga
Gusti
sinuhun ngawuri sorban
Ngiteri
masjid minangka urang
Dipun
beber Nyai Mas Ayu
Gandasari
saking dermayu
Aduh
gusti sae temen
Sorban
niki kangge sinten
Jawab
gusti sorban niki
Kangge
umat kanjeng nabi
Turunane
ibu Hawa Bapak Adam
Gelem
netepi peraturan iman islam
Gage
wudhu tandang sholat rong rokaat
Gawe
gedong ning suarga ni’mat rohmat
Gedong
suarga batang emas perak selaka
Lulur
kasturi ambar ja’paron kanggo dika
Siapa
wonge pengen sugih dunia akherat
Awan
kasab bengine kanggo munajat
Mugi
Allah ngempura ing dosa kula
Lan
dosane tiang sepuh kalih kula
Lan
dosane poro santri guru kula
Lan
dosane tiang islam sedaya
Umat
kanjeng nabi larang regane
Umat
kanjeng nabi syekhunal mukarrom gandulane
Umat
kanjeng nabi larang regane
Umat
kanjeng nabi syahadat loro kawitane
Umat
kanjeng nabi larang regane
Umat
kanjeng nabi sholawat tunjina wiridane
Umat
kanjeng nabi larang regane
Umat
kanjeng nabi dhukha tahajjud kelakuane
Umat
kanjeng nabi larang regane
Umat
kanjeng nabi sorban jubah pakeane
Umat
kanjeng nabi larang regane
Umat
kanjeng nabi tawasulan kesenengane
Umat
kanjeng nabi larang regane
Umat
kanjeng nabi eling Alloh ning atine
Umat
kanjeng nabi larang regane
Umat
kanjeng nabi ning suarga panggonane
Bersenana
ati kang banget kotore
Toma
hasud ujub ria takabure
Kang
berseni ati iku ya syeikhuna
Sejenan
langka ning adepan tetep ana
Alkhamdulillah
angsal fadhole pengeran
Allah
paring rohmat salam kanugerahan
Alkhamdulillah
dadi muride syeikhuna
Kang
percaya tambah mulya ora hina
Alkhamdulillah
dadi ‘ibadissolikhin
Lanang
wadon ngaji syahadat aja isin
Sira
bodoh ning syahadat fakir ngerancang
Awak
tua fikir kendo nafsu gerang
Ahli
neraka njaluk adan banpet celaka
Den
udani watu geni endas dika
Pengen
nginum banyu timah
Gulu
lok lok rai gesaeng terus kelumer
Ahli
neraka sambat – sambat njaluk pendonga
Ayu
kacung luru syahadat gageh lunga
Untung
temen anak isun luru ilmu
Kita
donga ganjarane bisa nemu
Syahadat
loro awan bengi dieling-eling
Aja
kongsi sira mati ora eling
Umat
zaman akhir kabeh bae pada tuna
Yen
wong tuna gageh gandul ning syeikhuna
Umat
zaman akhir kabeh bae pada rugi
Yen
wong rugi gage nggandul ning syekh hadi
Amin
amin ya Allah robbal ‘alamin
Nuhun
di qobul do’a kula tiang miskin
Amin
amin ya Allah robbal ‘alamin
Mugi
selamet sedayane tiang mu’min
Amin
amin ya Allah robbul ‘alamin
Nuhun
kegolong golongane tiang mu’min
Setan
gunung serandil bubar pada mangkat
Dugi
ning umate wong tinggal syahadat
Dugi
ning umate wong tinggal sholat
Dugi
ning umate wong tinggal zakat
Setan
ngamuk jukut kabeh ning barange
Wis
entok barang sira kari ning wonge
Wong
pada lari sampae pada mati
Bukti
syahadat wali gunung jati
Iki
nadhom nutur syahadat sejati
Syahadat
kang weton saking gunung jati
Syahadatipun
gusti syarif hidayatullah
Ingkang
ngelakoni kabe waliyullah
Sampun
ngelakoni kabe wali sanga
Kula
syahadate cuan lunga – lunga
BAB
I
SYAHADAT
(
KAMIS 4 ROMADHON 1373 H / 1953 )
Awas
syaiton godane sedalan – dalan
Syeiton
ngincer ning wong kang eling pangeran
Ora
wedi ning maca donga qur’an
Syeiton
wedi ning wong kang eling pangeran
Sira
awak arep sapa ingkang eman
Sebab
nyata Alloh paring asih loman
Aja
nutup lamon batur banget hajat
Sira
nulung marisaken munggah syahadat
Kang
ditulung muji syukur alkhamdulillah
Sira
bisa nulung muji Allah – allah
Nyata
aman loman iman ning atine
Gelaraken
agama ana buktine
Iku
nyata aran islam kang sejati
Jalanaken
ilmu sampe mati
Ora
eling sesek kubur ya musaka
Aja
tinggal awan bengi maca syahadat
Aja
mang syeikhuna wakil syahadat
Nutugaken
wulangane ilmu syahadat
Aja
ucul syeikhuna kanggo gandulan
Nyata
pisan nuntun eling ning pangeran
Wong
kang sholat ora manut ning utusan
Bagen
wekel tetep dadi saterune pangeran
Yen
diajak ayu gage pada sinahu
Mesti
melengos tetep ora bakal melu
Peng
rasane wis sugih pangaweruh
Nagaku
pinter ngaku bener nyatane keliru
Aja
buru- buru yen sholat durung wudhu
Aja
buru – buru takbir yen masih ngaku
Kita
urip mati kabeh pasrane
Ayu
matur Allah rasul ning syeikhuna
Kaya
pasrane wong mati maring lebe
Didusi
turon meneng bae
Manuk
dikurung ora mikiri maring pangan
Muni
ayem dohir batin enak ning badan
Kaya
bocah cilik njaluk bari nangis
Terus
nyebut asma Allah aja uwis- uwis
Ngeling-
ngeling Allah rosul aja di campur
Eling
Allah tingkah badan manut rosul
Pasra
haken kabe badane ning gurune
Pasra
haken atine ning panngerane
Sare’ate
hakekat torekot ma’rifat
Sempurnane
kalimah buka syahadat
Ngersa
aken obah meneng yaa hakekat
Manjing
metu ambekane kelawan syahadat
Ngadekaken
limang waktu yaa sare’ate
Aja
pegot eling Allah yaa tobate
Embok
bapa lan guru iku yaa torekot
Mulya
aken kang nuntun dunia akherat
Weruhana
kang dadi keridhoane
Embok
bapa lan guru sira baktine
Ana
panganan enak sirane tapa
Aturaken
ning embok lan bapa
Bisa
subur lan makmur iku dalane
Sira
ngelanggar gampang pisan cilakane
Welasa
asih iku dadi dasare ma’rifat
Banget
benci kaya korun kang kiyanat
Ngaweruhi
ning batur kang lagi susah
Aja
kongsi dijaluk gagian nyerah
Bagja
temen untung temen ikhlas atine
Gawe
amal bisa kabeh ngelakonane
Sebab
guru sira bisa tabarukan
Gelem
ngaji ning syahadat penghabisan
Wong
kang ikhlas atine dadi obore
Madangaken
ning dunya lan kubure
Bukah
syahadat yakin pisan ning berate
Bisa
buka den trima sira tobate
Anak
lanang pertandane duwe iman
Manut
miturut ning wong tua banget eman
Ora
ikhlas gawe amal Buru-Buru
Yaa
bosenan pahaite kaya emperu
Aran
ma’siat luruh guru ya liane
Ning
syahadat penghabisan wulangane
Syahadat
tauhid bebarengan sifat kudrot
Dadi
isine batur kabeh aja wangot
Kerasa
–rasa kang rumasa kang ati-ati
Ya
pancene eling alloh jero ati
Ngadeg
dodok turon meneng kang ngobahaken
Gusti
Alloh awan bengi kang jalanaken
Rasa
terus obah meneng sekabehe
Yen
kerasa urip dunya prihatin bae
Aja
tuli lali budeg duwe kuping
Sirik
dengki ilmu ora bakal manjing
Duwe
badan ayu batur diberisi
Eling
alloh mesti bakal diwelasi
Kang
beresi ning badan dituruti
Insya
alloh tutung seneng sampai mati
Krasa
beli mata kita ning rusake
Yen
deleng dunya banget seneng ning awake
Tapi
deleng ning wong ngaji pada ngantuk
Sebab
nyata atine ngamprak raine deluk
Yen
elinga ati ira ora mumbul
Melarat
sugih ora niat luru unggul
Iku
nafsu durung tauhid ma’rifat islam
Bagen
ngaji qur’an hadis wis khatam
Tapi
kudu masrahaken ning rosule
Kang
miturut cuan pengot sira ngganduli
Sebab
syahadat ilmune dadi manfaat
Nyelametaken
awit dunya sampai akherat
Syahadat
iku benderane kabeh badan
Kang
syahadat tanda mong dijagal syetan
Yaa
mendeka ora ucul syahadate
Yen
ucula ning syahadat banget lecute
Ngaku
bisa ning syahadat bisa apane
Dhohir
batin ora nana kebagusane
Kiyai
santri ngakune bisa syahadat
Tapi
bukti senenge laku maksiat
Dadi
lacut ora ngandel enem perkara
Ning
pengebang ora ngejer lara wora
Ning
pengancam ora wedi ora gemeter
Ngadiraken
mulang kitab luwih pinter
Ning
perentahan wajib sunnah nyepeleaken
Weru
Sunni during adat mong jalanaken
Ning
cegahan haram riba kiyeng nerima
Iku
nafsu bagen pinter dalil ana
Kiyang
nafsu mangan wereng emong molah
Padu
kasil senajan nerajang salah
Gusti
alloh wis janjine ning makhluke
Gawe
bagus diwales bagus ya awake
Aja
nolak batur banget butuh
Sira
nulung marisaken imane teguh
Ayu
nyambat maring nabi para wali
Lan
malaikat nuhun diraksa dateng robbi
Ayu
nyambat maring nabi lan malaikat
Lan
ning wali tingkat gelar ning syahadat
Sebab
nyata awak kula masih bodoh
Ngaji
bisa nafsune masih ning anggo
Duweh
badan ora gelem muji syukur
Lati
atine saben dina lan tafakur
Masih
kurang ngudeg –ngudeg dunia ira
Ning
sembahyang saben dina larawora
Lanang
wadon gede cilik kon balapan
Singkarana
murtad haram kemusyrikan
Ayu
batur elingana melebuh kubur
Yen
wis melebu sira iku bakal ibur
Siji
roh ijroil teka mesti gugur
Kubur
iku werna pitu ingkang ibur
Kapandone
banda dunya emas picis
Ahli
waris iku kabeh ingkang manis
Ping
telune rabi ayu digawa uwong
Sebab
nyata pikir kita kewang kewong
Kaping
pate daginge di waris uler
Sebab
nyata urip kita banget keder
Ping
limane balunge di waris rayap
Sebab
nyata urip kita banget delap
Ping
neneme amal ira bakal kabur
Gelem
amal tekad ira ya takabur
Ayu
batur kita iku pasang weteng
Senyatane
kiyaine dikon dongeng
Kaping
pitu iblis teka waris iman
Sebab
sira ngaji syahadat ora temenan
Iki
nadom nuturaken wadahe syahadat
Sholat
dhukha sholat tahajud umur pundat
Maca
tunjina ba’da subuh nganti dhukha
Patang
puluh bengi tahajud awan dhukha
Iki
nadom nuturaken iman pada syahadat
Patang
puluh awan bengi aja telat
Ba’da
dhukha maca ya fatah ila rokhimi
Ba’da
tahajud maca yakafi ila mugehni
Iki
nadlom nuturakan bukahe syahadat
Patang
puluh awan bengi kango munajat
Maca
ina fatahna lakafatkham mubina
Terus
bahe neja lian ora kena
Ati
selamet pikir jujur eling alloh
Pengen
mulya gage manut rosululloh
Bocah
santri ingkang awas lan waspada
Zaman
akhir ake syetan pada goda
Santri
akeh maring sholat pada kelalen
Sebab
nyata ning syahadat oro open
Nadom
ingkang paham sing mengerti
Yen
pahama sira urip ana bukti
Gelaraken
syahadat loro pengen subur
Sira
urip aja pada ngelarani batur
Batur
ngelarani kudu sabar awak irane
Syahadat
manjing meski akeh sira sabare
Guru
mulang syahadat loro gage iman
Pengen
selamet dunya akherat kudu loman
Syahadat
tauhid iku LAA IlAHAILLAH
Syahadat
rosul muhammaddarrosullah
Syahadat
dhohir jasad ora kenang roh
Roh
obah kelawan izine Allah
Syahadat
bathin ora suara ora huruf
Ambekan
metu eling Allah cuan korup
Syahadat
tampa asyhadu iku ngelakonane
Ning
fardhu lan sunnah kanjeng nabine
Syahadat
sejati iku ingkang manjing ati
Eling
Allah rosulullah manfaati
Ping
pitune syahadat sejatine syahadat
Ilmune
Allah kang duweni ilmu kodrat
Wong
kang nyingkur ayat qur’an
Tetep
mati dadi syetan
Pengen
dadi umat rosul
Gawea
bagus aja ucul
Langgeng
ngaji lan berjama’ah
Aja
seneng sembahyang ning umah
Gawe
amal gage cawis
Aja
gelem dituntun Iblis
Durung
subuh gage tangiya
Ati
mati kesia – sia
Aja
jaluk kodrat irodat
Jaluka
ridho lan syafa’at
Ma’nane
syahadat wonten sekawan
Kudu
ngerti karena bakal kanggo gawan
Anta
lama yenta ngaweruhi sira
Wata’takida
lan nekadaken sira
Watu’
mina yenta ngimanaken sira
Watu’
soddik lan beneraken sira
Sarate
syahadat yaiku wonten gangsal
Supaya
dipun aji sampe apal
Siji
kudu gelem sekabehe hurufe
Lan
bener dawa cindak kandel tipise
Lan
kapindone kudu aja kepisah
Antarane
syahadat loro lngkang pisah
Omong
liyan atau meneng suwene
Telu
kudu tertib syahadat lorone
Kaping
pate kudu metukaken ati
Maring
ucapane cangkem ingkang titih
Kaping
lima kudu barengaken ati
Maring
ucapane ati ingkang ngerti
Waktu
dunia dikon milih werna loro
Barang
hak barang batal syahadat loro
Eling
Allah yaiku hake manusia
Dadi
dosa pikir musyrik ora kerasa
Awal
awale tobat iku syahadat loro
Terus
diwaca bersihaken jaba jero
Wong
kang milih barang batal yakin rusake
Dunya
akherat nyilakane ning awake
Lanang
wadon aja tinggal ning baktine
Wadon
solekha nyata iku ya arane
Wadon
pengen manunat ning lakine
Ngati
– ngati wadon bakti ning lakine
Anak
wadon melasa ning embok bapa
Wadon
nyingkur laki blolih apa-apa
Syeikhuna
mulang murid kang terima – terima
Ayu
bebalik ngeluhuraken ning agama
Aja
gumede ngaku gagah banget sombong
Nyata
pisan uripe ira iku kosong
Sombong
mangan nyandang sira ora halal
Mangan
haram riba najis weteng dajjal
(
sabtu 1 robiul akhir 1375 / 1955 )
alhasan
tsummal husain ngibaraken syahadataen
ajaran
suci didikan tinggi tindakan Iblis harus dibenci
harus
tegak pembelaan lenyapkanlah pengaruh syetan
basmi
nafsu harus dianjur badan berkerak pikir yang jujur
Ini
zaman – zaman pelajar masih bodoh harus diajar
Nurut
perintah sama rosule segala detik ingat tuhane
Hati
diajar terus dibangun jangan sampai pikir melamun
Hati
lupa Iblis masuk pikir dendam kerjaan busuk
Arti
syahadat
(
1375/ 1955 )
Iki
nadhom nutur arti syahadat
Cangkem
ngucap maring ati ingkang kuat
Nami
ngandel iku kabeh den lakoni
Sedayane
perintah cegah den tebihi
Iki
nadhom nutur syarate syahadat
Poma
– poma weruhana ana papat
Ingkang
dingin nuli – nuli wewacane
Kapindone
kedah tertib aturane
Ping
telune kedah Arab awangane
Kaping
pate kedah ngerti ing ma’nane
Ayu
batur bareng – bareng ngaji syahadat
Perlu
kanggo sangu ning akherat
Sapa
wonge mati ora gawa syahadat
Dipun
hukum selawase ning akherat
Ora
bakal bisa metu sing neraka
Saban
dina tambah – tambah siksa teka
Ning
neraka sembah jaluk mentas
Udan
watu pada niba maring endas
Wong
ning neraka gembar gembor jaluk tulung
Udan
wangwa gedene segunung – gunung
2.
Manfaat syahadat
(
2 – sa’ban – 1375 )
Aurad
syahadat kanggo batur
Balik
sing dunya marani kubur
Amal
sing ngintil ‘amal takabur
Manjing
ning kubur bakal diancur
Syahadat
iku keterangan akherat
Sing
ora duwe ora oli lewat
Penjaga
akherat yaiku malaikat
Aulihe
jagat ya luwih ketat
Syahadat
iku dadi obor
Ngobori
awak yaa gelem asor
Obore
mati terus ngaku luhur
Penggawe
syaiton ngajak takabur
Ayu
maju ayu jalan aja mandeg ning tengah dalan
Aurade
syahadat ya banget terang aja mandeg ana kang ngadang
Maca
aurad ba’da sholat aja isin ana wong liwat
Maca
muhaimin kang temenan aja blenak ana kang nyawang
Maca
muhaimin ngadeg kang temenan aja isin umah ning dalan
Maca
muhaimin ya ngangkat tangan saben lagi madep pangeran
Allah
ningali ya ora telat sing ditinggali pada khianat
Dupai
akal pada khianat sebab khianat atine bejad
Kadang
kala pada mulang mung luru barang
Bagen
salah asal kitane blending
Uripe
kula aja ketunggul
Ketungkul
mulang mung luru unggul
Sabandina
ngumuri suda
Kadang
mulang mung luru sega
Saban
dina mulange betul
Olihe
mulang mung luru sekul
Bisa
mulang prangsane garang
Ngaku
kiyai isun beli mang – mang
Eman
temen kitabe pirang – pirang
Teka
aurad syahadat ya pada nimbang
Elinga
batur kita ning dunya
Pada
elinga gage sedia
Jalan
akherat pirang – pirang rintangan
Ayu
nggandul ning syahadat gegandengan
Sebab
waktune wis akhir zaman
Sing
ora gelem syahadat bature syaitan
Maju
mundure pertingkahe
Tingkah
kang ala calon jahaname
Urip
ning dunya aja kongsi tuna
Yen
ora eling nemu sengsara
Sengsara
dunya ora sepira
Sengsara
akherat manjing neraka
Eling
batur zaman berganti
Sing
pada titen syahadat iki
Awal
syahadat sing gelar kanjeng nabi
Akhire
syahadat sing gelar syekh hadi
Awale
Abu jahal musuhe kanjeng nabi
Akhire
syehk hadi sing musuh kyai
Pada
gelem nacad ning sunnah nabi
Rupane
santri turrupa kiyai
(
2 SA’BAN 1375 H / 1955 )
Ya
muhaimin ya salam nuhun rokhmat serta salam
Ing
kanjeng nabi serta kholifah Ali nabi siti khodijah
Tiang
mu’min kudu sabar, bok munawa sadone bubar
Sholat
tahajjud kudu dianggit, aja wedi matane arip
Awan
bengi kiyeng munajat, eling Allah aja keliwat
Wis
waktune sholat rikat, nuhun – nuhun ning syafa’at
Dulur
hai dulur gagian akur
Pemerintah
kita sampun mengatur
Pancasila
sampun diawur
Dikongkon
ngaji supaya akur
Presiden
kita kang jeneng kuwu cerbon
Menembak
belanda serta nipon
Asma
awal kang jeneng walang sungsang
Maca
syahadat lan sholate aja utang
Nurute
nafsu pekaya kang diwirang
Bukti
tingkah saking pangeran
Saban
dina kanggo sembahyang
Sholat
kula ora eling ning pangeran
Iki
zaman dewa kresi, Allah rosul ning umate melasi
Ayu
batur syahadat loro kita ungsi, iki syahadat ilmu siji
Tinggalane
para wali, pimpinane gusti syarif gunung jati
Sama
rata sama rasa, kabeh makhluk dikon ngerasa
Kabeh
makhluk gaweane gusti Allah
Kula
kabeh kudu mengeran maring Allah
Ora
nana badane nusa dan bangsa
Tapi
ning syahadat ora pada kersa
Tingkah
kula saking Allah
Ati
kula ora gelem nyebut Allah
Iku
tanda rusak ati kulane
Tanda
rusak iman kulane
Sebab
ati kula nginjen – nginjen dunyane
Ora
ngijen – nginjen ning pangerane
Aduh
awak blai temen
Iblis
nyolong iman kula pinter temen
(
Malam senin tgl 2 Sa’ban 1375 H / 1955 M )
Kerasa
awan bengine iman kula iku lungane
Tanda
goflah ning atine karo Allah langkah elinge
Sampun
terang ngulangane syarif hidayat
Den
kelilingi kabeh murid saben tempat
Nangekaken
pikiran gage dianggit
Cangkem
muji ati eling aja medit
Teka
ira aja ngalih sing atine
Eling
Allah rosul nyata ana imane
Tekad
ngalih enak blenak ora lawas
Emong
eling Allah rosul nemu tiwas
Kita
mulang wis oli patang sura
Tapi
sirane sing diwulang lara wora
Aja
dikolah koleh sira njabane bae
Elingane
Allah rosul lan sunnahe
Sira
ngibadah aja nurut ning nafsune
Ora
nana perintah rosul kelakuane
Kabeh
perintah Allah iku luwih bener
Ayu
manut rosulullah ingkang pinter
Hai
wong mu’min sira urip kang kuatir
Yen
ngibadah atine aja plesir
Waktu
lima wajib ngeraksa ing waktune
Wedi
ora diaku umat gustine
Tuturana
awak kula awan bengi
Kita
aja gawe ala pada lali
Gusti
syarif hidayat nggelar syahadat
Melas
ning umat aja pada laku khianat
Kon
dedonga awan bengi aja keliwat
Mugi
Allah buka ati ning ma’rifat
Muhaiminan
saban bengi saben
dina
Dateng
gusti kanjeng nabi yamaulana
Umat
muhammad diparingi nur loro
Supaya
aja melarati peteng loro
Nur
loro Nur romadhon Nur Al Qur’an
Peteng
loro dina kiamat lan kuburan
Allah
Allah ya Allah gusti pangeran
Nuhun
kula cangkem ngucap ati jalan
Awas
batur iki zaman ake srandil
Ayu
batur gandulana santri kamil
Santri
kamil pengucape ora
goro
Santri
kamil ilmune syahadat loro
Senengane
wangi – wangi jubah putih
Santri
kamil santrine ki sunan jati
(Malam
Selasa tgl 5 jumadil Akhir 1375 H / 1955 M )
(Malam
Selasa tgl 5 jumadil Akhir 1375 H / 1955 M )
Sapa
wonge pengen padang mata atine
Aja
kedinginan fajar sira tangine
Zaman
patang puluh bengi nuli – nuli
Pengen
eling Allah rosul den gandule
Yen
kedinginan kita lekas balik maning
Ngantem
tahajjud supaya atine bening
Aja
mang – mang guru iku go gandulane
Ngaji
syahadat dalan eling ning pangeran
Ayu
santri ajarana ning tasawuf
Badan
nurut ati eling cuwan korup
Ati
eling Allah rosul rukhe islam
Badan
nurut perintah rosul pikir islam
Iku
tanda sira iku wong kang demen
Eling
Allah nuhun fadhol nemen – nemen
Eling
Allah awan bengi esuk sore
Ayu
batur bareng – bareng eling kubure
Jaga
sesek luwih peteng
Aja
ketipu isine weteng
Lanang
wadon ingkang tandang
Manut
rosul ingkang gandang
Elingana
kubur makhsyare
Salah
jawabe bangete kere
Madep
landrat maksa salah
Bloli
syafa’at dadi ngelemah
Manjing
neraka bloli mentas
Terang
disiksa bangete lawas
Awas
anak Rabi sedulur
Sira
urip ingkang akur
Lanang
wadon berayan bakti
Elingana
bakale mati
Ayu
dipikir sampe terang
Siksa
kubur ya digarang
Kubur
jeblos lampung kiwene
Mayit
keserempet ning genine
HABLUMMINALLAH
2.1.
Aturan agama
Iki
nadhom nutur aturan agama
Kedah
ngerti kedah faham ning agama
Ingkang
nami agama aturane gusti
Maksud
selamat gesangipun sampai mati
Rukunipun
agama tiga kabehane
Lanang
wadon kudu ngerti sedayane
Ingkang
dingin rukunipun islam
Wajib
nurut dateng qur’an faham
Nami
islam iku nurut dateng qur’an
Aja
mang – mang iku dawuhe pangeran
Nami
islam manut miturut badane
Dateng
perentahe Allah rosul sedayane
Kapindo
rukun iku iman
Nami
iman ngandel dawuhipun pangeran
Ping
telu rukunipun iku ikhsan
Wong
ibadah wajib ningali pangeran
Namun
ora bisa wajib nekadaken
Setuhune
gusti ningalaken
Anta’
budullah kaanaka taroohu
In
lan lam takun taroohu fainnahu yarooka
2.2.
Banyu wudhu
Nuceni
sholat grenjet ati kawitane
Den
barengaken sira ngucap ning lisane
Nyibuk
banyu ngonyuceni ing badane
Eling
Allah rosul nyuceni dosane
Waktu
wudlu ngucap syahadat loro
Saben
– saben basu anggota wudlune
Tanda
syukur wudlu iku adane loro
Banyu
nyuceni eling Allah syahadat loro
Saban
– saban basuh anggota wudlu
Maca
syahadat pawitane paling perlu
Bekas
wudlu bayune nuli dicecep
Tangan
nyadong hudan rohmat ya rumesep
Sira
santri kepengen oli hudan
Allah
nuruni saking langit banyu hudan
Kabeh
wijil kang ning bumi terus cukul
Kita
deleng maring langit lagi gandul
Terus
mandu nuhun – nuhun hudan rokhmat
Oli
pituduh terus seneng dunya akherat
Terus
donga sira maca ning syahadat
yen
wis rampung terus tangane didilat
Terus
maca surat inna anzalnaahu
yaa
sholate sukrul wudhu yaasinawu
Rokaat
awal walau annahum ya surate
Kapindone
wamayya’mal suan sepragate
Ayu
santri yen kepengen munggah syahadat
Kasab
sira kang nejegi ing sare’at
Langgengane
sira maca inna anzalnaahu
Allah
maringi kasab sholat lan sinau
Kaping
telu ba’da wudlu sira ma’nane
Mapasaken
ing nafsu kang banget alane
Sira
olih netegi kang luwar biyasa
Ibada
ngaji sira kang bisa
2.3
. Solat Sukrul wudlu
Weruhana
zamane wis karen-karen
Berjamah
ngaji sholat ajar liren
Ya
buntelan awak sedurunge mati
Nganggo
jubah sorban rido ingkang puti
Ayu
santri ruku’sujud depe-depe
Eling
alloh waktu sujud ingkang suwe
Awal-awal
wong kang tobat den terimane
Nekani
ning kanjeng nabi ya zamane
Awal-awal
wong kang tobat den terimane
Nekani
syarif hidayat iku zamane
Awal-awal
wong kang tobat den terimane
Nekani
guru kang mursid iku ilmune
Alhasan
sumal Husen
Putune
sayidina Hasan-Husen
Linabi
kurotu’ ain
Sifate
Nabi imane ketulen-tulen
Nuruhum
kalkumaren
Gusti
nabi imane ketulen-tulen
Jadduhum
solu’alaih
Cahayane
ngungguli srengenge
Sayidina
Hasan Husen putune rosul
Seturunane
turunane rosul
Kula
tingal mu’min samiya nggandul
Ingkang
teguh sampun ngentas ucul
Kados
napa lamun kula ucul
Gegandulan
kalih putune rosul
Dateng
maksar boten saged nyusul
Ning
suwarga boten saged kembul
Ayu
batur pada tawasul
Tawasul
kula dateng para rosul
Mugi
alloh kersa ngabul
Yen
den kobul pasti ngabul
Awal-awale
wong ibadah kang diterima
Suci
atine ngelarakaken ning agama
Nyegah
nafsu raksaen amarah
Sing
kuwatir cuwan lali waktu najah
Ayu
ngupai niat sira lamun duwe
Ana
buktine sira pada nyambut gawe
Mekaya
setahun ora nana tampele
Rabi
nyewot anak nangis bari mengkele
Ayu
sabar anak rabi lan sebatur
Bakal
balik kita melebu jero kubur
Waktu
meneng ora nana ma’rifate
Ora
bisa muni sira syahadate
Gage
ditarik peningal mata atine
Kanjeng
nabi yakin ana ning arepane
Kanjeng
nabi rupa abang semu putih
Yen
kebuka mata atine manfa’ati
Ayu
santri yen kepengen ingkang kersa
Lakonana
limang dina ya puasa
2.4
Puasa ngasrep
Waktu
buka mangan boled aja rubah
Luwih
utama mangan sega ya di kumbah
Genang
wadah ayu gage pada tobat
Sebab
kula saban dina laku ma’siat
Gage
tobat mumpung lawang lagi dibuka
Yen
wis ditutup awak kula sing celaka
Yen
wis tutup dunya sira ora payu
Waktu
dibuka sira pada ya geguyu
Zaman
akhir ake umat kepitunan
Ora
weruh awake lagi kenang cobaan
Alloh
sampun dawuhaken surat wal’asri
Ati
iman amal ikhlas dikekeri
2.5.
Tingkah Sunnah
Siji
sangga seket papat telu lima
Wong
syahadat lelakone kudu nerima
Zaman
akhir sunnah nabi ora digawa
Sing
nyekeli luwih panas tenimbang wangwa
Zaman
akhir sunnah nabi disengiti
Sing
nyengiti ya kejaba umat gusti
Apa
maning wong kang nyengiti ning syahadat
Tetep
Alloh nurunaken maring rahmat
Yen
keliru gusti nabi ya jabahaken umat
Wong
kejaba ora keterima gawe toat
Penca-pencu
omongane
Ngrapyak
nyerocos bicarane
Tapi
mati sira bicarane
Kandane
bisa langka buktine
Eman
temen sira ilmune
Dadi
nyasar ngawulane
Urip
mati sing pangerane
Tapi
nurut maring nafsine
Aduh
awak banget kumprung
Ketipu
akale dadi bingung
Dadi
percuma sira syahadat
Awan
lan bengi gawe maksiat
Gusti
maringi ning pengaturan
Ayu
gawea ing kebagusan
Wajib
karone bisa misahe
Urip
matine enak genahe
Kanjeng
nabi luwih watir
Maring
umat kang masih fakir
Ngakune
alim beli gelem eling
Ning
alloh rosul kang kesanding
Kanjeng
nabi ora watir ning umate
Senajan
kafir lan mukmin banget blunate
Tapi
watir kanjeng nabi ning alime
Emong
ibadah bisa nuturi ning cangkeme
Dadi
cuma ngaku islam ning lisane
Tapi
kafir bukti nyata ning isine
Iku
nyata welan pisan wong munafik
Ngaku
pinter pengajian masih cetek
Sekhuna
mulang wirid Wis sempurna
Ayu
batur bareng-bareng nglakunane
Ayu
batur aja sampe ketinggalan
Sebab
iki bakal teka pengajaran
Ginau
syahadat kita kabeh aja mubro
Sebab
yakin bakal ana kiamat sugro
Syahadat
di waca saban waktu
Bok
menawa syaiton teka pada melayu
Ayo
–ayo niki pripun
Enggal
teka siksa alloh rupa to’un
Bonggan
sira ning syahadat ora parek
Tetap
sira mengko buri ana kang nekek
Dulur
kabeh syahadate cuwan kelalen
Bonggan
kelalen syaiton teka gendayang-gendayang
Ngaji
syahadat tutugana sampe umur
Ajar
congas kula getun kang saumur
2.2
Latihan misah
Awak
kula sela bagus sela maksiat
nuhun
ngapunten dosa kula ingkang berat
Bersihana
badane ayu diasa
Telung
dina sepisan lagia misah
Syarif
arifin iku khasan khusen
Syarif
hidayat abdurohman kuwu sangkan
Nyembah
ning syehk abdulkdir jaelani
Kabeh
fitnah dipegot kang ngelarani
Faedahe
ati salim banget seneng
Selamet
neraka bagen liwat ora kedeleng
Ayu
paham torekote syarif arifin
Aja
gawa ala sira dhohir batin
Aja
pada ngerusak sira maring badan
Awan
bengi gawene pada reresan
Urip
ning dunya banget kengelan
Sebab
sira ora weru ning ganjaran
Asal
cilik dadi gede grayangana
Mumpung
urip mati tobatana
Aja
tungkul sira uripe nyambut gawe
Barang
mati deleng amal ora duwe
(malam
senin tgl 20 dulqoidah 1375H/1955)
Yen
kepengen ilmune syarif arifin
Kudu
duwe ati salim dhohir batin
Kelakuane
aja tinggal berjamaah
Bagen
repot senajana serokaat
Faedahe
kita solat berjamaah
Munggahaken
derajat dunya akherat
Faedahe
ati salim banget seneng
Selamet
neraka bagen liwat ora kedeleng
Ayu
paham torekote syarif arifin
Aja
gawe ala sira dhohir batin
Aja
pada ngerusak sira maring badan
Awan
bengi gawene rerasan
Urip
ning dunia banget kengelan
Sebab
sira ora weru ning ganjaran
Asal
cilik dadi gede grayangana
Mumpung
urip bakal mati tobatana
Ajar
tungkul sira urip nyambut gawe
Barang
mati deleng amal ora duwe
Yen
kepengen ilmune syarif arifin
Kudu
duwe ati salim dohir batin
Yen
kepengen sira duwe ati putih
Ngatur
sanding pagan sira ingkang bersih
Ati
putih jujur mantep eling Allah
Sandang
pangan badan manut Rosullah
Bagus-baguse
umat gelem tulung tinulung
Bagus
badan anak rabi aja bingung
Dikon
eling sungkan sebab tauhid beli jalan
Sebab
atine keranjingan masih ngamprak ulat-ulatan
Buka
kitab terus takabur ngerasa pinter ngerasa duwur
Goplah
temen atine ngangkur tiwas pegel amal lebur
Malu
beli sira uripe kenang macet lan rusake
Lara
jabane den borok rusak atine ora weru
Eling
santri aja tiwas pikire ingkang awas
Aja
gelem titipu syetan awan bengi mung mikir pangan
Kanjeng
nabi duwe syafa’at ayu eling maca syahadat
Sira
kudu taqwa ingkang bangkit merangi hawa
Allah-Allah
ya Allah ya Rosullah
Nuhun
selamet dateng gusti ya Rosullah
Nuhun
dituduhakan jalan jejak kang bener
Tapi
iblis yang riwed-riwed ngeder-ngeder
Nuhun
bisa ibadah lan amal ihklas
Dhohir
bathin yen ibadah ingkang awas
Sira
nandur palawija ning dunyane
Gawe
amal ingkang katon terus atine
Awan
bengi ibadah langka rajine
Sebab
cawis – cawise ning dunya bae
Sebab
nyata ora nana cukul niate
Ning
agama emong mikir ning dunyane
Gusti
nuhun syafa’ate taubat niki
Nuhun
dibuka ati kula sampun niki
Ngaku
garang yen wis tua kari rapuhe
Kieng
pelesir luwih enak tungganana
Aja
enak–enak sira ning dunya
Izroil
nyabut ning roh banget larane
Dalan
pagi esuk sore awan bengi
Bagen
omong yen wis waktu kudu pasti
Kesugihan
ora nulung ing agamane
Gusti
Allah bendu banget ora ridhone
Emong
mati campurana bagus niate
Ayu
ningal ning adepane ma’rifate
Aja
tuli lali budeg duwe kuping
Syirik
dengki ilmu ora bakal manjing
Syarif
arifin bakal mulang ning ilmune
Zat
sifat asma af’al ning wernane
Aja
terus obah meneng sekabehe
Yen
wis kerasa urip dunya prihatin bae
(
Malam Selasa tgl 17 dzulhpjjah 1375 H / 1955 M )
Sapa
wonge ninggalaken ning ma’rifat
Ibadah
awan bengi dadi berat
Ngaku
kerja bisa nerocos bicarane
Tapi
dewek ora gelem ngelakonane
Sebab
nyata Awake banget bodoh
Wajib
haram Sunnah ngatur ora kanggo
Sapa
wonge menurut hawa nafsune
Tetep
manjing ning neraka panggonane
Iku
amal keselametan dunya akhirat
Banget
melas ning fakir durung syahadat
Ati
iku pengen salim kudu nerima
Mesti
amal ya ketemu ya keterima
Dunya
akherat gusti Allah paring barokah
Allah
paring dunya selamet akherat
Sebab
nyata ati putih eling Allah
Jembar
atine yakin manut rosulullah
Alamate
wong kang olih pangapurane
Ambekane
eling maring Allah saben dinane
Ati
salim demen hormat kanjeng nabi
Nuhun
syafa’at gage tangi lan memuji
Emut
gusti kula niki banget bodoh
Nuhun
paring akal buka nafsu kendo
Syeikhuna
mulang murid banget melase
Tapi
muride sing diwulang langka ngenese
Aja
enak- enak bakal ana pilihan maning
Sing
ana isine bakal kanggo bibit maning
Yen
sira ngerti iki jaman-jaman bobadan
Sedelat
maning wong matine sedalan-dalan
Alkhasan
tsummal khusein maring guru ajar kelalen
Ajar
kari barang kang papat Gawe amal bisa manfa’at
Gawe
manfa’at sira ilmune sanggup bebunga maring gurune
Bobad
sedina iku emase ganjarane mili selawase
(
Malam selasa tgl 21 dzulqoidqh 1375 H / 1955 M )
Ayu
santri gage tangi guru sanggup makani nyandangi
Gage
diatur duwe pikir cangkem ngucap terus dzikir
Yen
syukuran keparek karo pangeran
Den
ridhoni ibadah oli ganjaran
Lamun
ngaji aja kelayang keloyong bae
Dodok
jentul tapi ati ngamprak bae
Syarif
‘arifin benderane syahadat loro
Ati
den pasang pasrah tawakal maring Allah
Merdekane
aja gelem dijajah maning
Aja
congsi hawa hafsu ngeranjah maning
Tujuane
pengen selamet subur makmur
Awit
dunya terus mati sampe qubur
Ayu
aman kita urip ning dunyane
Kabe
bangsa kabeh makhluk Nangendi anane
Aja
ana syirik dengki pagadene
Mulyakaken
kabe makhluk ning atine
Sira
bisa ngelakoni dadi ‘arifin
Suci
ati suci wenang dhohir bathin
Ibadahe
wong ‘arifin tikel sewu
Bandingane
alim asal ahli yakhu
Apa
pengen apa beli sira santri
Yen
kepengen ayu dandan aja kari
Alhasan
tsummal husein ngaji syahadat ingkang open
Yen
open kelawan pikiran saban – saban ning derajate
Ujub
riya takabur dengki singkirana
Hasud
toma’ ngerusak pangkat dadi hina
Riya
hafi ora pengen dipujine
Yen
dipoyok dugal mengkel ning atine
Riya
jali naja ngamal pengen dialem
Ora
dialem gawe amal ora gelem
HABLUMINNAS
3.1.
Ulama
Sebab
hatinya melupakan lengah bekerja pada urusan
Bisa
syahadat cuma ditingkah ngaku islam menjadi lengah
Ulama
akhir terbagi dua
Ada
ulama yang istimewa
Kerja
semangat punya pikiran
Tidak
berputus kepada tuhan
Ulama
kedua bersemangat
Membina
kelawan seluruh umat
Hati
terdorong kepada nafsu
Nuju
dunya pikiran palsu
Turunane
ibu hawa bapa Adam
Gelem
netepi peraturan iman islam
Yen
gelem islam sira ya sempurna
Aja
ngelarani kabeh makhluk ya niyatana
Urip
mati pengen dadi umat rosul
Maca
syahadat lan sholawat ajar ucul
Mumpung
urip luru sangu nggo akherat
Sira
duwe amal ikhlas bisa ngangkat
Aran
ikhlas eling Allah ning atine
Ora
liyan karena Allah tujuane
3.2.
Birrul Walidaen
Jaluka
pangapura awak sira
Jaluka
pangapura wong tua loro kula
Wong
tua ngarep – ngarep anak putune
Bareng
jum’ah langka pisan kirimane
Nuhun
tetep iman islam dunya akherat
Selamet
dunya ning qubur lan akherat
Kaya
ngenteni pari meretak ning panase
Tempo
megar dadi beluk langka isine
Malam
jum’ah rohe bebeluk ing wuwungan
Ayu
anak eling Allah kang temenan
Cawisana
pangan enak anakena
Waktune
urip saban dina cawisana
Cawis
– cawis amal ikhlas niat ngirim
Ing
wong tua kang wis mati kabe muhrim
Wong
tua dongakaken anak putune
Mugi
eling Allah rosul kelakuane
3.3.
Aturan Sholat Mayit barisane
Iki
nadhom nutur maring aturane
Sholat
mayit gawe ganjil barisane
Lamun
wong siji Wis terang ganjile
Lamun
wong loro mahrote sikile
Lamun
wong telu barisane telu
Lamun
wong papat Lima baris telu
Kawit
nenem iman ora dipun itung
Ning
ganjile baris makmum kang diitung
3.4.
Wasiate Sunan Kali jaga
Wasiate
gusti Sunan kalijaga
Sira
urip ning dunya ana kang jaga
Titip
masjid ampel gading fakir miskin
Cuwan
kosong ajar bentrok aja priyatin
Urip
sira berjama’ah aja kosong
Sholata
ning tajug masjid golong – golong
Pitutur
dingin syahadat aja tinggal
Cuwan
kebujuk iki zaman akeh dajjal
Ayu
melas ning fakir kang kurang mangan
Niat
mbantu nggo ibadah ning pangeran
Boca
santri ibadah sira kurang apik
Buru
buru maring dokter jaluk suntik
Lunga
ngaji salah sira diperiksane
Gage
luruh nyenengaken badan rohane
Yen
wis teka sira iku dioperasi
Kabeh
penyakit maring guru ya dijeksi
3.5.
Ceritane sohabat sa’labah
Aja
kaya uripe sohabat sa’labah
Waktu
kere ora pet berjama’ah
Ba’da
sholat ora wirid terus nyerental
Banget
wedi maring waktu bokan tinggal
Siji
waktu ketingal ning rosulullah
Abu
bakar terus nyandak ning sa’labah
Aduh
gusti kula gada sarung senunggal
Yen
wiridan rabi kula sholate tinggal
Terus
ndongakaken sapa kanjeng nabi
Matur
dateng ayunana Allah robbi
Allah
jawab bagus kere timbang sugih
Yen
wis sugih akeh pisan ning fitnahe
(
Malam Senin tgl 7 dzulqoidah 1375 H / 1955 M )
Luwih
parah ketimbang uyah lan asine
Ayu
njaluk mumpung masih ning dunyane
Ayu
nyambat maring nabi para wali
Lan
malaikat nuhun diraksa dateng robbi
Masih
kurang ngudak – ngudak dunya sira
Ibadahe
saban dina lara wora
Sebab
nyata awak kula masih bodoh
Ngaji
bisa nafsune masih dienggo
Duwe
badan ora gelem muji tafakur
Lali
atine sebab masih laku takabur
Yen
pengen keparek karo pangeran
Aja
pet kabeh sunnah lan dzikiran
Kuping
kerungu gusti Allah kang ngerungukaken
Mata
ningal gusti Allah kang ningalaken
Tangan
ngemek gusti Allah kang ngemekaken
Mata
ningal gusti Allah kang ningalaken
Tangan
ngemek gusti Allah kang ngemekaken
Sikil
melaku gusti Allah kang nindakaken
Lamun
njaluk gusti Allah ngupai
Ya
diraksa urip mati kabeh blai
(
Malam selasa tgl 8 dzulqoidah 1375 H / 1955 M )
Bocah
santri muji sira ingkang sanget
Wedi
ning fitnah supaya selamet
Ingkang
asor sira nggandul ning syahadat
Supaya
ilmune bisa manfa’at
Maring
guru ingkang madep lan tawadu’
Nafsu
ala ingkang sombong dadi kendo
Eling
Allah aja diselang seling
Poma
batur kabeh bae pada eling
PERHATIAN
4.1..Godaan
Syeitan
Aja
kalah kegodane maring syaiton
Karepe
nafsu karo batur pepoyokan
Wong
moyok Syeitan narik tukar padu
Yen
wis padu ora eling ning asyhadu
Eman
– eman wong urip ngaku to’at
Syeitan
nipu sampe lalai ning syahadat
Ayu
dulur ayu dulur – dulur
Pernyatine
iki zaman arep ibur
Zaman
ibur kenang godaan syeitan
Emutana
wasiat kuna gandulan wathon
Allah
Allah kula kabeh nuhun ngandul
Pencanangan
tiang agung kholifah rosul
Anak
bodoh rabi bodoh kula dosa
Nuhun
dateng panjenengan kang kuasa
Sapa
wonge maca syahadat sinuhun jati
Bakal
ngiring tiang agung imam mahdi
4.2.
Dajjal
Dajjal
iku matane kari siji
Omongane
sunya netepi janji
Batuke
dajjal yen diwaca tulisane
La’natullah
‘alal kafirin ing unine
Kuping
dajjal ngaubi wong patang puluh
Omonge
luwih manis biar ngeluluh
Awas
santri aja gelem dadi dajjal
Mata
melek ati ora eling ajal
Apa
maning arep eling ning pangeran
Picek
atine ora weruh ning ganjaran
Yen
ora gelem dajjal ngucapaken
Ing
batuke syahadat loro gorokaken
Imam
mahdi sampun bukti
Wis
ngelahiraken cemara putih
Jubah
putih sorban putih alamate
Imam
mahdi Allah rosul ma’rifate
Negara
makkah tanah kang luwih suci
Ora
kejajah dajjal bangete benci
Yata
ati panggonane eling Allah
Ati
suci aja ngelingi liyane Allah
(
Malam selasa tgl 15 rajab 1375 H / 1955 M )
Tonggonana
sumure arep dibuka
Bakal
akeh wong ngaji pada teka
Zaman
patang puluh bengi belajarana
Waktu
ngaji sira
Sapa
santri pengen melek mata jalane
Gage
diajar supaya melek mata atine
Bocah
santri kang picek mata atine
Ngaku
apik tetep lacut agamane
Sapa
wonge maring nabi gelem perentah
Demene
nambah maring guru syeikhuna
Demen
guru ning pitutur lakune
Amal
soleh ngajar badan saban dina
4.3
Dicabute Roh
Aja
congsi izroil teka Ira salah
Larane
luwih lara waktu naza
Tenimbang
dipedang sewu pedangan
Panas
perih waktu nazah geragepan
Sangang
puluh sanga kabek gelitan
Dicukili
saban gelitan jejeritan
Ayu
batur dedongane ingkang ikhlas
Waktu
nazah eling Allah ingkang ihklas
Wong
tua dedongane ingkang ikhlas
Waktu
nazah eling Allah ingkang ikhlas
Wong
tua arep sapa kang dongakaken
Anak
rabine ning dunyane ngelalaikaken
Aduh
bayi aduh kacung aja nganggur
Sesek
peteng dipukuli jero kubur
Arep
sapa ngemani maring kita
Siksa
neraka dosane luwih nyata
Wong
kang sengitan dadi jarane syetan
Dadi
urub – urube neraka luwih welan
Ayu
batur gage rubah ning pikiran
Sing
Wis – wis ayu tobat ning pangeran
(
Malam senin tgl 16 dzulqoidah 1375 H / 1955 M )
Bocah
santri ba’da maghrib aja ngantuk
Rongo’na
bapa guru lagi muruk
Ambekane
kesawah – sawah eling Allah
Ganjarane
sira diridhoni Allah
Ayu
sabar kabeh batur ning dunyane
Aja
mandeg gage eling pangerane
Kepengen
eling ning Allah periben akale
Ayu
manut kabeh badan ning rosulle
4.4.
Siksa kubur
Ayu
eling Allah rosul tut setitik
Muga
– muga bisa ngamal ingkang becik
Elingana
batur balik maring kubur
Ula
kelabang kalajengking kanggo batur
Di
tangekaken saking kubur digiring – giring
Teka
ning makhsar bumi selaka ora miring
Serngenge
duwure batuk ora salah
Luwih
panas sor duwur pating gelasah
Madep
landrat banget wedi luwih pusing
Ngitung
amal blolih mungkir pugu nyanding
Bloli
syafa’at pada kelem pada ngelengi
Kenang
keringat banyu mata den gendongi
Luwih
musakat werna – werna ning salahe
Ora
bisa cepet landrat banget payahe
Terus
teka angin rokhmat ning umate
Waktu
dunya Allah rosul sesambate
Nuhun
rokhmat umat islam ning gustine
Sampun
cilaka dateng makhsar nyelametaken
(
Malam selasa tgl 8 sa’ban 1375 H / 1955 M )
Aja
enak sira memangane, kudu digarap kerjaane
Kerja
nane den delengi, kurang apik den glendengi
Apa
maning sirane glandang glandung
Yen
memangan panganane kudu muncung
Majikan
bendu terus nundung
Sira
balik pikire dadi bingung
Yen
kepengen apik polahane
Majikan
ngatur ning arepane
Majikan
ngeluh ning gurine
Tekade
masih ngepalanane
(
Sabtu tgl 20 sa’ban 1375 H / 1955 M )
Mulyane
wong ning dunya ana uripe
Gelem
eling ning akherate sekarepe
Tapi
sira urip kudu jejagaan
Dunya
akherat kang dituju kemulyaan
Sira
alim melasana ning wong bodoh
Wong
bodone tabaruka wajib nyelondo
Sira
sugih ayu melasana ning wong miskin
Wong
miskine kudu eling aja priyatin
Doa-Doa
5.5.
Doa Arep Turu lan Tangi
Arep
turu aja buru–buru bantal
Tangi
turu aja buru–buru nyerantal
Kudu
ngatur arep turu arep wiridane
Tangi
turu dodok jentul maca takbirane
Ana
suarane turune aja kelepasen
Kon
tafakur ning pangeran aja bosen
Bumi
bunder gambare terbanting guling
Iki
zaman wis akhir gagian eling
Esuk
– esuk jasmanine jaluk sarapan
Tangi
turu rohanine jaluk takbiran
Tangi
turu dodok jentul maca syahadat
Eling
Allah eling perintah gagian nikah
(
Malam Ahad tgl 30 Rajab 1375 H / 1955 M )
Untung
temen duwe sumur banyune bening
Bias
dibuka lamun Sira pada eling
Sumur
iku yen buka nyugihaken
Nyucikaken
maring badan nyuburaken
Yen
kepengen sira santri kudu ngeneng
Sholat
tahajjud waktu bengi ingkang anteng
Jaman
patang puluh bengi aja batal
Selamet
kubure manjing suarga Sira halal
Ba’da
mahgrib yahadi atawa ngaji
Ba’da
Isya ajar ngobrol terus muji
Eling
Allah kudu ana aturane
Maca
donga sedurunge sira turu
Tangi
turu maca takbiran nuhun rokhmat
Allah
ngeraksa kesusahan dunya akherat
5.2.
Doa Tangi lan turu
Wong
kang gelem nyuciaken kabeh bathine
Allah
janji bagusi kabeh laku badane
Wong
kang gelem eling Allah ning atine
Kabeh
wong pada melas ning sirane
Wong
kang gelem meraktekaken amal akherat
Allah
nyukupi ning dunyane ngarat – ngarat
Nyuceni
weteng mangan nginum ingkang halal
Aja
mangan haram riba dadi batal
Bocah
santri yen kepengen suci atine
Ilangana
najis lan hadas loro
Syahadat
loro iku ana dasarane
Suci
putih eling Allah aja robah
5.3.
Tunjina
Yen
kepengen ilmune Siti khodijah
Ati
putih eling Allah aja robah
Nangisi
badan gawa dosa saban dina
Awit
saiki apalane ning tunjina
Urip
mati pengen rasa ning senenge
Ayu
dilatih ati salim ning wetenge
Kita
urip mikir dunya sampe bengkak
Panas ati sirik pirik
dadi bebek
sumber:http://aliusmanhs.wordpress.com/tag/nazom-abah-umar/
sumber:http://aliusmanhs.wordpress.com/tag/nazom-abah-umar/
Langganan:
Postingan (Atom)