Rabu, 25 April 2012

Nadzoman Abah Umar


SYAHADAT SEBAGAI CITA DAN FAKTA

Dawu Gusti sampun wekas sampun Weleh
Duwe kuping aja budeg gage eling

Sopa Wange nemu guru sifat papat
Gandulana ingkang kuat ajar lepat

Ingkang dingin sipatipun muayadin
Kapindone ingkang welas fakir miskin

Kaping telu iku sifate jahidin
Kaping pate ingkang welas ning wong mu’min

Sebab luntur ning syahadat masih bodoh
Maring guru ayo anut ayo nyelondo

Dulur kabeh ayu gage ngemat syahadat
Aja dumeh sira bisa ning syahadat

Ning syahadat wong iku ora marek
Tetep sira ning guri ana kang nekek

Anjingna syahadat loro maring ati
Akal eling maring Allah manfaati

Syahadat loro pokok dasar kepinteran
Sira ngaji ning syahadat eling pangeran

Sebab syahadat kita bisa ngadohi cegah
Kita ngatur maring anak nurut perintah

Eling Allah kang kumantil
Demen rosul ayu ngintil

Aja kalah karo isine pendil
Kapan bu kapan digotong katil

Eling Allah kang sempurna
Bisa ora b isa akalana

Hayu batur luru selamet bebarengan
Jaluk sugih dunia akherat kesenengan
Alhasan tsummal husein
Nagji syahadat aja leren

Duha tahajjud dilakoni
Hasan husein kang nyakseni

Alhasan tsummal husein
Langgemana yen kepengen

Sesepana islam sejati
Eling Allah kang ning ati

Ngaku bisa ning syahadat
Takabur kang luwih berat

Berate ya ngaku bisa
Gusti Allah bakal nyiksa

Siksane ka sia- sia
Bonggan sira nyingkur wong mulya

Aja sambat ka niyaya
Musuh ira bakal teka

Kang kandel- kandel kulite
Kang akas- akas balunge

Kang tegas penjawabane
Diganden mangsa wurunga

Gusti sinuhun ngawuri sorban
Ngiteri masjid minangka urang

Dipun beber Nyai Mas Ayu
Gandasari saking dermayu

Aduh gusti sae temen
Sorban niki kangge sinten

Jawab gusti sorban niki
Kangge umat kanjeng nabi

Turunane ibu Hawa Bapak Adam
Gelem netepi peraturan iman islam

Gage wudhu tandang sholat rong rokaat
Gawe gedong ning suarga ni’mat rohmat
Gedong suarga batang emas perak selaka
Lulur kasturi ambar ja’paron kanggo dika

Siapa wonge pengen sugih dunia akherat
Awan kasab bengine kanggo munajat

Mugi Allah ngempura ing dosa kula
Lan dosane tiang sepuh kalih kula

Lan dosane poro santri guru kula
Lan dosane tiang islam sedaya

Umat kanjeng nabi larang regane
Umat kanjeng nabi syekhunal mukarrom gandulane

Umat kanjeng nabi larang regane
Umat kanjeng nabi syahadat loro kawitane

Umat kanjeng nabi larang regane
Umat kanjeng nabi sholawat tunjina wiridane

Umat kanjeng nabi larang regane
Umat kanjeng nabi dhukha tahajjud kelakuane

Umat kanjeng nabi larang regane
Umat kanjeng nabi sorban jubah pakeane

Umat kanjeng nabi larang regane
Umat kanjeng nabi tawasulan kesenengane

Umat kanjeng nabi larang regane
Umat kanjeng nabi eling Alloh ning atine

Umat kanjeng nabi larang regane
Umat kanjeng nabi ning suarga panggonane

Bersenana ati kang banget kotore
Toma hasud ujub ria takabure

Kang berseni ati iku ya syeikhuna
Sejenan langka ning adepan tetep ana

Alkhamdulillah angsal fadhole pengeran
Allah paring rohmat salam kanugerahan

Alkhamdulillah dadi muride syeikhuna
Kang percaya tambah mulya ora hina
Alkhamdulillah dadi ‘ibadissolikhin
Lanang wadon ngaji syahadat aja isin

Sira bodoh ning syahadat fakir ngerancang
Awak tua fikir kendo nafsu gerang

Ahli neraka njaluk adan banpet celaka
Den udani watu geni endas dika

Pengen nginum banyu timah
Gulu lok lok rai gesaeng terus kelumer

Ahli neraka sambat – sambat njaluk pendonga
Ayu kacung luru syahadat gageh lunga

Untung temen anak isun luru ilmu
Kita donga ganjarane bisa nemu

Syahadat loro awan bengi dieling-eling
Aja kongsi sira mati ora eling

Umat zaman akhir kabeh bae pada tuna
Yen wong tuna gageh gandul ning syeikhuna

Umat zaman akhir kabeh bae pada rugi
Yen wong rugi gage nggandul ning syekh hadi

Amin amin ya Allah robbal ‘alamin
Nuhun di qobul do’a kula tiang miskin

Amin amin ya Allah robbal ‘alamin
Mugi selamet sedayane tiang mu’min

Amin amin ya Allah robbul ‘alamin
Nuhun kegolong golongane tiang mu’min

Setan gunung serandil bubar pada mangkat
Dugi ning umate wong tinggal syahadat

Dugi ning umate wong tinggal sholat
Dugi ning umate wong tinggal zakat

Setan ngamuk jukut kabeh ning barange
Wis entok barang sira kari ning wonge

Wong pada lari sampae pada mati
Bukti syahadat wali gunung jati
Iki nadhom  nutur syahadat sejati
Syahadat kang weton saking gunung jati

Syahadatipun gusti syarif hidayatullah
Ingkang ngelakoni kabe waliyullah



Sampun ngelakoni kabe wali sanga
Kula syahadate cuan lunga – lunga

BAB I
SYAHADAT
( KAMIS 4 ROMADHON 1373 H / 1953 )

Awas syaiton godane sedalan – dalan
Syeiton ngincer ning wong kang eling pangeran

Ora wedi ning maca donga qur’an
Syeiton wedi ning wong kang eling pangeran

Sira awak arep sapa ingkang eman
Sebab nyata Alloh paring asih loman

Aja nutup lamon batur banget hajat
Sira nulung marisaken munggah syahadat

Kang ditulung muji syukur alkhamdulillah
Sira bisa nulung muji Allah – allah

Nyata aman loman iman ning atine
Gelaraken agama ana buktine

Iku nyata aran islam kang sejati
Jalanaken ilmu sampe mati

Ora eling sesek kubur ya musaka
Aja tinggal awan bengi maca syahadat

Aja mang syeikhuna wakil syahadat
Nutugaken wulangane ilmu syahadat

Aja ucul syeikhuna kanggo gandulan
Nyata pisan nuntun eling ning pangeran

Wong kang sholat ora manut ning utusan
Bagen wekel tetep dadi saterune pangeran
Yen diajak ayu gage pada sinahu
Mesti melengos tetep ora bakal melu

Peng rasane wis sugih pangaweruh
Nagaku pinter ngaku bener nyatane keliru

Aja buru- buru yen sholat durung wudhu
Aja buru – buru takbir yen masih ngaku

Kita urip mati kabeh pasrane
Ayu matur Allah rasul ning syeikhuna

Kaya pasrane wong mati maring lebe
Didusi turon meneng bae

Manuk dikurung ora mikiri maring pangan
Muni ayem dohir batin enak ning badan

Kaya bocah cilik njaluk bari nangis
Terus nyebut asma Allah aja uwis- uwis

Ngeling- ngeling Allah rosul aja di campur
Eling Allah tingkah badan manut rosul

Pasra haken kabe badane ning gurune
Pasra haken atine ning panngerane

Sare’ate hakekat torekot ma’rifat
Sempurnane kalimah buka syahadat

Ngersa aken obah meneng yaa hakekat
Manjing metu ambekane kelawan syahadat

Ngadekaken limang waktu yaa sare’ate
Aja pegot eling Allah yaa tobate

Embok bapa lan guru iku yaa torekot
Mulya aken kang nuntun dunia akherat

Weruhana kang dadi keridhoane
Embok bapa lan guru sira baktine

Ana panganan enak sirane tapa
Aturaken ning embok lan bapa

Bisa subur lan makmur iku dalane
Sira ngelanggar gampang pisan cilakane
Welasa asih iku dadi dasare ma’rifat
Banget benci kaya korun kang kiyanat

Ngaweruhi ning batur kang lagi susah
Aja kongsi dijaluk gagian nyerah

Bagja temen untung temen ikhlas atine
Gawe amal bisa kabeh ngelakonane

Sebab guru sira bisa tabarukan
Gelem ngaji ning syahadat penghabisan

Wong kang ikhlas atine dadi obore
Madangaken ning dunya lan kubure

Bukah syahadat yakin pisan ning berate
Bisa buka den trima sira tobate

Anak lanang pertandane duwe  iman
Manut miturut ning wong tua banget eman

Ora ikhlas gawe amal Buru-Buru
Yaa bosenan pahaite kaya emperu

Aran ma’siat luruh guru   ya liane
Ning syahadat penghabisan wulangane

Syahadat tauhid bebarengan sifat kudrot
Dadi isine batur kabeh aja wangot

Kerasa –rasa kang rumasa kang ati-ati
Ya pancene eling alloh jero ati

Ngadeg dodok turon meneng kang ngobahaken
Gusti Alloh awan bengi kang jalanaken

Rasa  terus obah meneng sekabehe
Yen kerasa urip dunya prihatin bae

Aja tuli lali budeg duwe kuping
Sirik dengki ilmu ora bakal manjing

Duwe badan ayu batur diberisi
Eling alloh mesti bakal diwelasi

Kang  beresi ning badan dituruti
Insya alloh tutung seneng sampai mati
Krasa beli mata kita ning rusake
Yen deleng dunya banget seneng ning awake

Tapi deleng ning wong ngaji pada  ngantuk
Sebab nyata atine ngamprak raine deluk

Yen elinga ati ira ora mumbul
Melarat sugih ora niat luru unggul

Iku nafsu durung tauhid ma’rifat islam
Bagen ngaji qur’an hadis wis khatam

Tapi kudu masrahaken ning rosule
Kang miturut cuan pengot sira ngganduli

Sebab syahadat ilmune dadi manfaat
Nyelametaken awit dunya sampai akherat

Syahadat iku benderane kabeh badan
Kang syahadat tanda mong dijagal syetan

Yaa mendeka ora ucul syahadate
Yen ucula ning syahadat banget lecute

Ngaku bisa ning syahadat bisa apane
Dhohir batin ora nana kebagusane

Kiyai santri ngakune bisa syahadat
Tapi bukti senenge laku maksiat

Dadi lacut ora ngandel enem perkara
Ning pengebang ora ngejer lara wora

Ning pengancam ora wedi ora gemeter
Ngadiraken mulang kitab luwih pinter

Ning perentahan wajib sunnah nyepeleaken
Weru Sunni during adat mong jalanaken

Ning cegahan haram riba kiyeng nerima
Iku nafsu bagen pinter dalil ana

Kiyang nafsu mangan wereng emong molah
Padu kasil senajan nerajang salah

Gusti alloh wis janjine ning makhluke
Gawe bagus diwales bagus ya awake
Aja nolak batur banget butuh
Sira nulung marisaken imane teguh

Ayu nyambat maring nabi para wali
Lan malaikat nuhun diraksa dateng robbi

Ayu nyambat maring nabi lan malaikat
Lan ning wali tingkat gelar ning syahadat

Sebab nyata awak kula masih bodoh
Ngaji bisa nafsune masih ning anggo

Duweh badan ora gelem muji syukur
Lati atine saben dina lan tafakur

Masih kurang ngudeg –ngudeg dunia ira
Ning sembahyang saben dina larawora

Lanang wadon gede cilik kon balapan
Singkarana murtad haram kemusyrikan

Ayu batur elingana melebuh kubur
Yen wis melebu sira iku bakal ibur

Siji roh ijroil teka mesti gugur
Kubur iku werna pitu ingkang ibur

Kapandone banda dunya emas picis
Ahli waris iku kabeh ingkang manis

Ping telune rabi ayu digawa uwong
Sebab nyata pikir kita kewang kewong

Kaping pate daginge di waris uler
Sebab nyata urip kita banget keder

Ping limane balunge di waris rayap
Sebab nyata urip kita banget delap

Ping neneme amal ira bakal kabur
Gelem amal tekad ira ya takabur

Ayu batur kita iku pasang weteng
Senyatane kiyaine dikon dongeng

Kaping pitu iblis teka waris iman
Sebab sira ngaji syahadat ora temenan
Iki nadom nuturaken wadahe syahadat
Sholat dhukha sholat tahajud umur pundat

Maca tunjina ba’da subuh nganti dhukha
Patang puluh bengi tahajud awan dhukha

Iki nadom nuturaken iman pada syahadat
Patang puluh awan bengi aja telat

Ba’da dhukha maca ya fatah ila rokhimi
Ba’da tahajud maca yakafi ila mugehni

Iki nadlom nuturakan bukahe syahadat
Patang puluh awan bengi kango munajat

Maca ina fatahna lakafatkham mubina
Terus bahe neja lian ora kena

Ati selamet pikir jujur eling alloh
Pengen mulya gage manut rosululloh

Bocah santri ingkang awas lan waspada
Zaman akhir ake syetan pada goda

Santri akeh maring sholat pada kelalen
Sebab nyata ning syahadat oro open

Nadom ingkang paham sing mengerti
Yen pahama sira urip ana bukti

Gelaraken syahadat loro pengen subur
Sira urip aja pada ngelarani batur

Batur ngelarani kudu sabar awak irane
Syahadat manjing meski akeh sira sabare

Guru mulang syahadat loro gage iman
Pengen selamet dunya akherat kudu loman

Syahadat tauhid iku LAA IlAHAILLAH
Syahadat rosul muhammaddarrosullah

Syahadat dhohir jasad ora kenang roh
Roh obah kelawan izine Allah

Syahadat bathin ora suara ora huruf
Ambekan metu eling Allah cuan korup
Syahadat tampa asyhadu iku ngelakonane
Ning fardhu lan sunnah kanjeng nabine

Syahadat sejati iku ingkang manjing ati
Eling Allah rosulullah manfaati

Ping pitune syahadat sejatine syahadat
Ilmune Allah kang duweni ilmu kodrat

Wong kang nyingkur ayat qur’an
Tetep mati dadi syetan

Pengen dadi umat rosul
Gawea bagus aja ucul

Langgeng ngaji lan berjama’ah
Aja seneng sembahyang ning umah

Gawe amal gage cawis
Aja gelem dituntun Iblis

Durung subuh gage tangiya
Ati mati kesia – sia

Aja jaluk kodrat irodat
Jaluka ridho lan syafa’at

Ma’nane syahadat wonten sekawan
Kudu ngerti karena bakal kanggo gawan

Anta lama yenta ngaweruhi sira
Wata’takida lan nekadaken sira

Watu’ mina yenta ngimanaken sira
Watu’ soddik lan beneraken sira

Sarate syahadat yaiku wonten gangsal
Supaya dipun aji sampe apal

Siji kudu gelem sekabehe hurufe
Lan bener dawa cindak kandel tipise

Lan kapindone kudu aja kepisah
Antarane syahadat loro lngkang pisah

Omong liyan atau meneng suwene
Telu kudu tertib syahadat lorone
Kaping pate kudu metukaken ati
Maring ucapane cangkem ingkang titih

Kaping lima kudu barengaken ati
Maring ucapane ati ingkang ngerti

Waktu dunia dikon milih werna loro
Barang hak barang batal syahadat loro

Eling Allah yaiku hake manusia
Dadi dosa pikir musyrik ora kerasa

Awal awale tobat iku syahadat loro
Terus diwaca bersihaken jaba jero

Wong kang milih barang batal yakin rusake
Dunya akherat nyilakane ning awake

Lanang wadon aja tinggal ning baktine
Wadon solekha nyata iku ya arane

Wadon pengen manunat ning lakine
Ngati – ngati wadon bakti ning lakine

Anak wadon melasa ning embok bapa
Wadon nyingkur laki blolih apa-apa

Syeikhuna mulang murid kang terima – terima
Ayu bebalik ngeluhuraken ning agama

Aja gumede ngaku gagah banget sombong
Nyata pisan uripe ira iku kosong

Sombong mangan nyandang sira ora halal
Mangan haram riba najis weteng dajjal

( sabtu 1 robiul akhir 1375 / 1955 )

alhasan tsummal husain ngibaraken syahadataen
ajaran suci didikan tinggi tindakan Iblis harus dibenci

harus tegak pembelaan lenyapkanlah pengaruh syetan
basmi nafsu harus dianjur badan berkerak pikir yang jujur

Ini zaman – zaman pelajar masih bodoh harus diajar
Nurut perintah sama rosule segala detik ingat tuhane

Hati diajar terus dibangun jangan sampai pikir melamun
Hati lupa Iblis masuk pikir dendam kerjaan busuk

Arti syahadat
( 1375/ 1955 )

Iki nadhom nutur arti syahadat
Cangkem ngucap maring ati ingkang kuat

Nami ngandel iku kabeh den lakoni
Sedayane perintah cegah den tebihi

Iki nadhom nutur syarate syahadat
Poma – poma weruhana ana papat

Ingkang dingin nuli – nuli wewacane
Kapindone kedah tertib aturane

Ping telune kedah Arab awangane
Kaping pate kedah ngerti ing ma’nane

Ayu batur bareng – bareng ngaji syahadat
Perlu kanggo sangu ning akherat

Sapa wonge mati ora gawa syahadat
Dipun hukum selawase ning akherat

Ora bakal bisa metu sing neraka
Saban dina tambah – tambah siksa teka

Ning neraka sembah jaluk mentas
Udan watu pada niba maring endas

Wong ning neraka gembar gembor jaluk tulung
Udan wangwa gedene segunung – gunung

2. Manfaat syahadat
( 2 – sa’ban – 1375 )
Aurad syahadat kanggo batur
Balik sing dunya marani kubur

Amal sing ngintil ‘amal takabur
Manjing ning kubur bakal diancur

Syahadat iku keterangan akherat
Sing ora duwe ora oli lewat
Penjaga akherat yaiku malaikat
Aulihe jagat ya luwih ketat

Syahadat iku dadi obor
Ngobori awak yaa gelem asor

Obore mati terus ngaku luhur
Penggawe syaiton ngajak takabur

Ayu maju ayu jalan aja mandeg ning tengah dalan
Aurade syahadat ya banget terang aja mandeg ana kang ngadang

Maca aurad ba’da sholat aja isin ana wong liwat
Maca muhaimin kang temenan aja blenak ana kang nyawang

Maca muhaimin ngadeg kang temenan aja isin umah ning dalan
Maca muhaimin ya ngangkat tangan saben lagi madep pangeran

Allah ningali ya ora telat sing ditinggali pada khianat
Dupai akal pada khianat sebab khianat atine bejad

Kadang kala pada mulang mung luru barang
Bagen salah asal kitane blending

Uripe kula aja ketunggul
Ketungkul mulang mung luru unggul

Sabandina ngumuri suda
Kadang mulang mung luru sega

Saban dina mulange betul
Olihe mulang mung luru sekul

Bisa mulang prangsane garang
Ngaku kiyai isun beli mang – mang

Eman temen kitabe pirang – pirang
Teka aurad syahadat ya pada nimbang

Elinga batur kita ning dunya
Pada elinga gage sedia

Jalan akherat pirang – pirang rintangan
Ayu nggandul ning syahadat gegandengan

Sebab waktune wis akhir zaman
Sing ora gelem syahadat bature syaitan
Maju mundure pertingkahe
Tingkah kang ala calon jahaname

Urip ning dunya aja kongsi tuna
Yen ora eling nemu sengsara

Sengsara dunya ora sepira
Sengsara akherat manjing neraka

Eling batur zaman berganti
Sing pada titen syahadat iki

Awal syahadat sing gelar kanjeng nabi
Akhire syahadat sing gelar syekh hadi

Awale Abu jahal musuhe kanjeng nabi
Akhire syehk hadi sing musuh kyai

Pada gelem nacad ning sunnah nabi
Rupane santri turrupa kiyai

( 2 SA’BAN 1375 H / 1955 )

Ya muhaimin ya salam nuhun rokhmat serta salam
Ing kanjeng nabi serta kholifah Ali nabi siti khodijah

Tiang mu’min kudu sabar, bok munawa sadone bubar
Sholat tahajjud kudu dianggit, aja wedi matane arip

Awan bengi kiyeng munajat, eling Allah aja keliwat
Wis waktune sholat rikat, nuhun – nuhun ning syafa’at

Dulur hai dulur gagian akur
Pemerintah kita sampun mengatur

Pancasila sampun diawur
Dikongkon ngaji supaya akur

Presiden kita kang jeneng kuwu cerbon
Menembak belanda serta nipon

Asma awal kang jeneng walang sungsang
Maca syahadat lan sholate aja utang

Nurute nafsu pekaya kang diwirang
Bukti tingkah saking pangeran

Saban dina kanggo sembahyang
Sholat kula ora eling ning pangeran

Iki zaman dewa kresi, Allah rosul ning umate melasi
Ayu batur syahadat loro kita ungsi, iki syahadat ilmu siji

Tinggalane para wali, pimpinane gusti syarif gunung jati
Sama rata sama rasa, kabeh makhluk dikon ngerasa

Kabeh makhluk gaweane gusti Allah
Kula kabeh kudu mengeran maring Allah

Ora nana badane nusa dan bangsa
Tapi ning syahadat ora pada kersa

Tingkah kula saking Allah
Ati kula ora gelem nyebut Allah

Iku tanda rusak ati kulane
Tanda rusak iman kulane

Sebab ati kula nginjen – nginjen dunyane
Ora ngijen – nginjen ning pangerane

Aduh awak blai temen
Iblis nyolong iman kula pinter temen

( Malam senin tgl 2 Sa’ban 1375 H / 1955 M )

Kerasa awan bengine iman kula iku lungane
Tanda goflah ning atine karo Allah langkah elinge

Sampun terang ngulangane syarif hidayat
Den kelilingi kabeh murid saben tempat

Nangekaken pikiran gage dianggit
Cangkem muji ati eling aja medit

Teka ira aja ngalih sing atine
Eling Allah rosul nyata ana imane

Tekad ngalih enak blenak ora lawas
Emong eling Allah rosul nemu tiwas

Kita mulang wis oli patang sura
Tapi sirane sing diwulang lara wora

Aja dikolah koleh sira njabane bae
Elingane Allah rosul lan sunnahe

Sira ngibadah aja nurut ning nafsune
Ora nana perintah rosul kelakuane

Kabeh perintah Allah iku luwih bener
Ayu manut rosulullah ingkang pinter

Hai wong mu’min sira urip kang kuatir
Yen ngibadah atine aja plesir

Waktu lima wajib ngeraksa ing waktune
Wedi ora diaku umat gustine

Tuturana awak kula awan bengi
Kita aja gawe ala pada lali

Gusti syarif hidayat nggelar syahadat
Melas ning umat aja pada laku khianat

Kon dedonga awan bengi aja keliwat
Mugi Allah buka ati ning ma’rifat

Muhaiminan saban bengi saben dina                                                            
Dateng gusti kanjeng nabi yamaulana

Umat muhammad diparingi nur loro
Supaya aja melarati peteng loro

Nur loro Nur romadhon Nur Al Qur’an
Peteng loro dina kiamat lan kuburan

Allah Allah ya Allah gusti pangeran
Nuhun kula cangkem ngucap ati jalan

Awas batur iki zaman ake srandil
Ayu batur gandulana santri kamil

Santri kamil pengucape ora goro                                                                                     
Santri kamil ilmune syahadat loro

Senengane wangi – wangi jubah putih
Santri kamil santrine ki sunan jati

(Malam Selasa tgl 5 jumadil Akhir 1375 H / 1955 M )

(Malam Selasa tgl 5 jumadil Akhir 1375 H / 1955 M )

Sapa wonge pengen padang mata atine
Aja kedinginan fajar sira tangine

Zaman patang puluh bengi nuli – nuli
Pengen eling Allah rosul den gandule

Yen kedinginan kita lekas balik maning
Ngantem tahajjud supaya atine bening

Aja mang – mang guru iku go gandulane
Ngaji syahadat dalan eling ning pangeran

Ayu santri ajarana ning tasawuf
Badan nurut ati eling cuwan korup

Ati eling Allah rosul rukhe islam
Badan nurut perintah rosul pikir islam

Iku tanda sira iku wong kang demen
Eling Allah nuhun fadhol nemen – nemen

Eling Allah awan bengi esuk sore
Ayu batur bareng – bareng eling kubure

Jaga sesek luwih peteng
Aja ketipu isine weteng

Lanang wadon ingkang tandang
Manut rosul ingkang gandang

Elingana kubur makhsyare
Salah jawabe bangete kere

Madep landrat maksa salah
Bloli syafa’at dadi ngelemah

Manjing neraka bloli mentas
Terang disiksa bangete lawas

Awas anak Rabi sedulur
Sira urip ingkang akur

Lanang wadon berayan bakti
Elingana bakale mati
Ayu dipikir sampe terang
Siksa kubur ya digarang

Kubur jeblos lampung kiwene
Mayit keserempet ning genine

HABLUMMINALLAH
2.1.    Aturan agama

Iki nadhom nutur aturan agama
Kedah ngerti kedah faham ning agama

Ingkang nami agama aturane gusti
Maksud selamat gesangipun sampai mati

Rukunipun agama tiga kabehane
Lanang wadon kudu ngerti sedayane

Ingkang dingin rukunipun islam
Wajib nurut dateng qur’an faham

Nami islam iku nurut dateng qur’an
Aja mang – mang iku dawuhe pangeran

Nami islam manut miturut badane
Dateng perentahe Allah rosul sedayane

Kapindo rukun iku iman
Nami iman ngandel dawuhipun pangeran

Ping telu rukunipun iku ikhsan
Wong ibadah wajib ningali pangeran

Namun ora bisa wajib nekadaken
Setuhune gusti ningalaken

Anta’ budullah kaanaka taroohu
In lan lam takun taroohu fainnahu yarooka

2.2.    Banyu wudhu

Nuceni sholat grenjet ati kawitane
Den barengaken sira ngucap ning lisane

Nyibuk banyu ngonyuceni ing badane
Eling Allah rosul nyuceni dosane
Waktu wudlu ngucap syahadat loro
Saben – saben basu anggota wudlune

Tanda syukur wudlu iku adane loro
Banyu nyuceni eling Allah syahadat loro

Saban – saban basuh anggota wudlu
Maca syahadat pawitane paling perlu

Bekas wudlu bayune nuli dicecep
Tangan nyadong hudan rohmat ya rumesep

Sira santri kepengen oli hudan
Allah nuruni saking langit banyu hudan

Kabeh wijil kang ning bumi terus cukul
Kita deleng maring langit lagi gandul

Terus mandu nuhun – nuhun hudan rokhmat
Oli pituduh terus seneng dunya akherat

Terus donga sira maca ning syahadat
yen wis rampung terus tangane didilat

Terus maca surat inna anzalnaahu
yaa sholate sukrul wudhu yaasinawu

Rokaat awal walau annahum ya surate
Kapindone wamayya’mal suan sepragate

Ayu santri yen kepengen munggah syahadat
Kasab sira kang nejegi ing sare’at

Langgengane sira maca inna anzalnaahu
Allah maringi kasab sholat lan sinau

Kaping telu ba’da wudlu sira ma’nane
Mapasaken ing nafsu kang banget alane

Sira olih netegi kang luwar biyasa
Ibada ngaji sira kang bisa

2.3 . Solat Sukrul wudlu

Weruhana zamane wis karen-karen
Berjamah ngaji sholat ajar liren
Ya buntelan awak sedurunge mati
Nganggo jubah sorban rido ingkang puti

Ayu santri ruku’sujud depe-depe
Eling alloh waktu sujud ingkang suwe

Awal-awal wong kang  tobat den terimane
Nekani ning kanjeng nabi ya zamane

Awal-awal wong kang tobat den terimane
Nekani syarif hidayat iku zamane

Awal-awal wong kang tobat den terimane
Nekani guru kang mursid iku ilmune

Alhasan sumal Husen
Putune sayidina Hasan-Husen

Linabi kurotu’ ain
Sifate Nabi imane ketulen-tulen

Nuruhum kalkumaren
Gusti nabi imane ketulen-tulen

Jadduhum  solu’alaih
Cahayane ngungguli srengenge

Sayidina Hasan Husen putune rosul
Seturunane  turunane rosul

Kula tingal mu’min samiya nggandul
Ingkang teguh sampun ngentas ucul

Kados napa lamun kula ucul
Gegandulan kalih putune rosul

Dateng maksar boten saged nyusul
Ning suwarga  boten saged kembul

Ayu batur pada tawasul
Tawasul kula dateng para rosul

Mugi alloh kersa ngabul
Yen den kobul pasti ngabul

Awal-awale wong ibadah kang diterima
Suci atine ngelarakaken ning agama

Nyegah nafsu  raksaen amarah
Sing kuwatir cuwan lali waktu najah

Ayu ngupai niat sira lamun duwe
Ana buktine sira pada nyambut gawe

Mekaya setahun ora nana tampele
Rabi nyewot anak nangis bari mengkele

Ayu sabar anak rabi lan sebatur
Bakal balik kita melebu jero kubur

Waktu meneng ora nana ma’rifate
Ora bisa muni sira syahadate

Gage ditarik peningal mata atine
Kanjeng nabi yakin ana ning arepane

Kanjeng nabi rupa abang semu putih
Yen kebuka mata atine manfa’ati

Ayu santri yen kepengen ingkang kersa
Lakonana limang dina ya puasa

2.4 Puasa ngasrep

Waktu buka mangan boled aja rubah
Luwih utama mangan sega ya di kumbah

Genang wadah ayu gage pada tobat
Sebab kula saban dina laku ma’siat

Gage tobat mumpung lawang lagi dibuka
Yen wis ditutup awak kula sing celaka

Yen wis tutup dunya sira ora payu
Waktu dibuka sira pada ya geguyu

Zaman akhir ake umat kepitunan
Ora weruh awake lagi kenang cobaan

Alloh sampun dawuhaken surat wal’asri
Ati iman amal ikhlas dikekeri

2.5. Tingkah Sunnah

Siji sangga seket papat telu lima
Wong syahadat lelakone kudu nerima

Zaman akhir sunnah nabi ora digawa
Sing nyekeli luwih panas tenimbang wangwa

Zaman akhir sunnah nabi disengiti
Sing nyengiti ya kejaba umat gusti

Apa maning wong kang nyengiti ning syahadat
Tetep Alloh nurunaken maring rahmat

Yen keliru gusti nabi ya jabahaken umat
Wong kejaba ora keterima gawe toat

Penca-pencu omongane
Ngrapyak nyerocos bicarane

Tapi mati sira bicarane
Kandane bisa langka buktine

Eman temen sira ilmune
Dadi nyasar ngawulane

Urip mati sing pangerane
Tapi nurut maring nafsine

Aduh awak banget kumprung
Ketipu akale dadi bingung

Dadi percuma sira syahadat
Awan lan bengi gawe maksiat

Gusti maringi ning pengaturan
Ayu gawea ing kebagusan

Wajib karone bisa misahe
Urip matine enak genahe

Kanjeng nabi luwih watir
Maring umat kang masih fakir

Ngakune alim beli gelem eling
Ning alloh rosul kang kesanding
Kanjeng nabi ora watir ning umate
Senajan kafir lan mukmin banget blunate

Tapi watir kanjeng nabi ning alime
Emong ibadah bisa nuturi ning cangkeme

Dadi cuma ngaku islam ning lisane
Tapi kafir bukti nyata ning isine

Iku nyata welan pisan wong munafik
Ngaku pinter pengajian masih cetek

Sekhuna mulang wirid Wis sempurna
Ayu batur bareng-bareng nglakunane

Ayu batur aja sampe ketinggalan
Sebab iki bakal teka pengajaran

Ginau syahadat kita kabeh aja mubro
Sebab yakin bakal ana kiamat sugro

Syahadat di waca saban waktu
Bok menawa syaiton teka pada melayu

Ayo –ayo niki  pripun
Enggal teka siksa alloh rupa to’un

Bonggan sira ning syahadat ora parek
Tetap sira mengko buri ana kang nekek

Dulur kabeh syahadate cuwan kelalen
Bonggan kelalen syaiton teka gendayang-gendayang

Ngaji syahadat tutugana sampe umur
Ajar congas kula getun kang saumur

2.2 Latihan misah

Awak kula sela bagus sela maksiat
nuhun ngapunten dosa kula ingkang berat

Bersihana badane ayu diasa
Telung dina sepisan lagia misah

Syarif arifin iku khasan khusen
Syarif hidayat abdurohman kuwu sangkan

Nyembah ning syehk abdulkdir jaelani
Kabeh fitnah dipegot kang ngelarani

Faedahe ati salim banget seneng
Selamet neraka bagen liwat ora kedeleng
Ayu paham torekote syarif arifin
Aja gawa ala sira dhohir batin

Aja pada ngerusak sira maring badan
Awan bengi gawene pada reresan

Urip ning dunya banget kengelan
Sebab sira ora weru ning ganjaran

Asal cilik dadi gede grayangana
Mumpung urip mati tobatana

Aja tungkul sira uripe nyambut gawe
Barang mati deleng amal ora duwe

(malam senin tgl 20 dulqoidah 1375H/1955)

Yen kepengen ilmune syarif arifin
Kudu duwe ati salim dhohir batin

Kelakuane aja tinggal berjamaah
Bagen repot senajana serokaat

Faedahe kita solat berjamaah
Munggahaken derajat dunya akherat

Faedahe ati salim banget seneng
Selamet neraka bagen liwat ora kedeleng

Ayu paham torekote syarif arifin
Aja gawe ala sira dhohir batin

Aja pada ngerusak sira maring badan
Awan bengi gawene rerasan

Urip ning dunia banget kengelan
Sebab sira ora weru ning ganjaran

Asal cilik  dadi gede grayangana
Mumpung urip bakal mati tobatana

Ajar tungkul sira urip nyambut gawe
Barang mati deleng amal ora duwe

Yen kepengen ilmune syarif arifin
Kudu duwe ati salim dohir batin

Yen kepengen sira duwe ati putih
Ngatur sanding pagan sira  ingkang bersih

Ati putih jujur mantep eling Allah
Sandang pangan badan manut Rosullah

Bagus-baguse umat gelem tulung tinulung
Bagus badan anak rabi aja bingung

Dikon eling sungkan sebab tauhid beli jalan
Sebab atine keranjingan masih ngamprak ulat-ulatan

Buka kitab terus takabur ngerasa pinter ngerasa duwur
Goplah temen atine ngangkur tiwas pegel amal lebur

Malu beli sira uripe kenang macet lan rusake
Lara jabane den borok rusak atine ora weru

Eling santri aja tiwas pikire ingkang awas
Aja gelem titipu syetan awan bengi mung mikir pangan

Kanjeng nabi duwe syafa’at ayu eling maca syahadat
Sira  kudu taqwa ingkang bangkit merangi hawa

Allah-Allah ya Allah ya Rosullah
Nuhun selamet dateng gusti ya Rosullah

Nuhun dituduhakan jalan jejak kang bener
Tapi iblis yang riwed-riwed ngeder-ngeder

Nuhun bisa ibadah lan amal ihklas
Dhohir bathin yen ibadah ingkang awas

Sira nandur palawija ning dunyane
Gawe amal ingkang katon terus atine

Awan bengi ibadah langka rajine
Sebab cawis – cawise ning dunya bae

Sebab nyata ora nana cukul niate
Ning agama emong mikir ning dunyane

Gusti nuhun syafa’ate taubat niki
Nuhun dibuka ati kula sampun niki

Ngaku garang yen wis tua kari rapuhe
Kieng pelesir luwih enak tungganana

Aja enak–enak sira ning dunya
Izroil nyabut ning roh banget larane

Dalan pagi esuk sore awan bengi
Bagen omong yen wis waktu kudu pasti

Kesugihan ora nulung ing agamane
Gusti Allah bendu banget ora ridhone

Emong mati campurana bagus niate
Ayu ningal ning adepane ma’rifate

Aja tuli lali budeg duwe kuping
Syirik dengki ilmu ora bakal manjing

Syarif arifin bakal mulang ning ilmune
Zat sifat asma af’al ning wernane

Aja terus obah meneng sekabehe
Yen wis kerasa urip dunya prihatin bae

( Malam Selasa tgl 17 dzulhpjjah 1375 H / 1955 M )

Sapa wonge ninggalaken ning ma’rifat
Ibadah awan bengi dadi berat

Ngaku kerja bisa nerocos bicarane
Tapi dewek ora gelem ngelakonane

Sebab nyata Awake banget bodoh
Wajib haram Sunnah ngatur ora kanggo

Sapa wonge menurut hawa nafsune
Tetep manjing ning neraka panggonane

Iku amal keselametan dunya akhirat
Banget melas ning fakir durung syahadat

Ati iku pengen salim kudu nerima
Mesti amal ya ketemu ya keterima

Dunya akherat gusti Allah paring barokah
Allah paring dunya selamet akherat

Sebab nyata ati putih eling Allah
Jembar atine yakin manut rosulullah

Alamate wong kang olih pangapurane
Ambekane eling maring Allah saben dinane

Ati salim demen hormat kanjeng nabi
Nuhun syafa’at gage tangi lan memuji

Emut gusti kula niki banget bodoh
Nuhun paring akal buka nafsu kendo

Syeikhuna mulang murid banget melase
Tapi muride sing diwulang langka ngenese

Aja enak- enak bakal ana pilihan maning
Sing ana isine bakal kanggo bibit maning

Yen sira ngerti iki jaman-jaman bobadan
Sedelat maning wong matine sedalan-dalan

Alkhasan tsummal khusein maring guru ajar kelalen
Ajar kari barang kang papat Gawe amal bisa manfa’at

Gawe manfa’at sira ilmune sanggup bebunga maring gurune
Bobad sedina iku emase ganjarane mili selawase

( Malam selasa tgl 21 dzulqoidqh 1375 H / 1955 M )

Ayu santri gage tangi guru sanggup makani nyandangi
Gage diatur duwe pikir cangkem ngucap terus dzikir

Yen syukuran keparek karo pangeran
Den ridhoni ibadah oli ganjaran

Lamun ngaji aja kelayang keloyong bae
Dodok jentul tapi ati ngamprak bae

Syarif ‘arifin benderane syahadat loro
Ati den pasang pasrah tawakal maring Allah

Merdekane aja gelem dijajah maning
Aja congsi hawa hafsu ngeranjah maning

Tujuane pengen selamet subur makmur
Awit dunya terus mati sampe qubur

Ayu aman kita urip ning dunyane
Kabe bangsa kabeh makhluk Nangendi anane

Aja ana syirik dengki pagadene
Mulyakaken kabe makhluk ning atine

Sira bisa ngelakoni dadi ‘arifin
Suci ati suci wenang dhohir bathin

Ibadahe wong ‘arifin tikel sewu
Bandingane alim asal ahli yakhu

Apa pengen apa beli sira santri
Yen kepengen ayu dandan aja kari

Alhasan tsummal husein ngaji syahadat ingkang open
Yen open kelawan pikiran saban – saban ning derajate

Ujub riya takabur dengki singkirana
Hasud toma’ ngerusak pangkat dadi hina

Riya hafi ora pengen dipujine
Yen dipoyok dugal mengkel ning atine

Riya jali naja ngamal pengen dialem
Ora dialem gawe amal ora gelem

HABLUMINNAS
3.1. Ulama

Sebab hatinya melupakan lengah bekerja pada urusan
Bisa syahadat cuma ditingkah ngaku islam menjadi lengah

Ulama akhir terbagi dua
Ada ulama yang istimewa

Kerja semangat punya pikiran
Tidak berputus kepada tuhan

Ulama kedua bersemangat
Membina kelawan seluruh umat

Hati terdorong kepada nafsu
Nuju dunya pikiran palsu

Turunane ibu hawa bapa Adam
Gelem netepi peraturan iman islam

Yen gelem islam sira ya sempurna
Aja ngelarani kabeh makhluk ya niyatana

Urip mati pengen dadi umat rosul
Maca syahadat lan sholawat ajar ucul

Mumpung urip luru sangu nggo akherat
Sira duwe amal ikhlas bisa ngangkat

Aran ikhlas eling Allah ning atine
Ora liyan karena Allah tujuane

3.2. Birrul Walidaen
Jaluka pangapura awak sira
Jaluka pangapura wong tua loro kula

Wong tua ngarep – ngarep anak putune
Bareng jum’ah langka pisan kirimane

Nuhun tetep iman islam dunya akherat
Selamet dunya ning qubur lan akherat

Kaya ngenteni pari meretak ning panase
Tempo megar dadi beluk langka isine

Malam jum’ah rohe bebeluk ing wuwungan
Ayu anak eling Allah kang temenan

Cawisana pangan enak anakena
Waktune urip saban dina cawisana

Cawis – cawis amal ikhlas niat ngirim
Ing wong tua kang wis mati kabe muhrim

Wong tua dongakaken anak putune
Mugi eling Allah rosul kelakuane

3.3. Aturan Sholat Mayit barisane
Iki nadhom nutur maring aturane
Sholat mayit gawe ganjil barisane

Lamun wong siji Wis terang ganjile
Lamun wong loro mahrote sikile

Lamun wong telu barisane telu
Lamun wong papat Lima baris telu

Kawit nenem iman ora dipun itung
Ning ganjile baris makmum kang diitung

3.4. Wasiate Sunan Kali jaga

Wasiate gusti Sunan kalijaga
Sira urip ning dunya ana kang jaga

Titip masjid ampel gading fakir miskin
Cuwan kosong ajar bentrok aja priyatin

Urip sira berjama’ah aja kosong
Sholata ning tajug masjid golong – golong

Pitutur dingin syahadat aja tinggal
Cuwan kebujuk iki zaman akeh dajjal

Ayu melas ning fakir kang kurang mangan
Niat mbantu nggo ibadah ning pangeran

Boca santri ibadah sira kurang apik
Buru buru maring dokter jaluk suntik

Lunga ngaji salah sira diperiksane
Gage luruh nyenengaken badan rohane

Yen wis teka sira iku dioperasi
Kabeh penyakit maring guru ya dijeksi

3.5. Ceritane sohabat sa’labah

Aja kaya uripe sohabat sa’labah
Waktu kere ora pet berjama’ah

Ba’da sholat ora wirid terus nyerental
Banget wedi maring waktu bokan tinggal

Siji waktu ketingal ning rosulullah
Abu bakar terus nyandak ning sa’labah
Aduh gusti kula gada sarung senunggal
Yen wiridan rabi kula sholate tinggal

Terus ndongakaken sapa kanjeng nabi
Matur dateng ayunana Allah robbi

Allah jawab bagus kere timbang sugih
Yen wis sugih akeh pisan ning fitnahe

( Malam Senin tgl 7 dzulqoidah 1375 H / 1955 M )

Luwih parah ketimbang uyah lan asine
Ayu njaluk mumpung masih ning dunyane

Ayu nyambat maring nabi para wali
Lan malaikat nuhun diraksa dateng robbi

Masih kurang ngudak – ngudak dunya sira
Ibadahe saban dina lara wora

Sebab nyata awak kula masih bodoh
Ngaji bisa nafsune masih dienggo

Duwe badan ora gelem muji tafakur
Lali atine sebab masih laku takabur

Yen pengen keparek karo pangeran
Aja pet kabeh sunnah lan dzikiran

Kuping kerungu gusti Allah kang ngerungukaken
Mata ningal gusti Allah kang ningalaken

Tangan ngemek gusti Allah kang ngemekaken
Mata ningal gusti Allah kang ningalaken

Tangan ngemek gusti Allah kang ngemekaken
Sikil melaku gusti Allah kang nindakaken

Lamun njaluk gusti Allah ngupai
Ya diraksa urip mati kabeh blai

( Malam selasa tgl 8 dzulqoidah 1375 H / 1955 M )
Bocah santri muji sira ingkang sanget
Wedi ning fitnah supaya selamet

Ingkang asor sira nggandul ning syahadat
Supaya ilmune bisa manfa’at
Maring guru ingkang madep lan tawadu’
Nafsu ala ingkang sombong dadi kendo

Eling Allah aja diselang seling
Poma batur kabeh bae pada eling

PERHATIAN
4.1..Godaan Syeitan

Aja kalah kegodane maring syaiton
Karepe nafsu karo batur pepoyokan

Wong moyok Syeitan narik tukar padu
Yen wis padu ora eling ning asyhadu

Eman – eman wong urip ngaku to’at
Syeitan nipu sampe lalai ning syahadat

Ayu dulur ayu dulur – dulur
Pernyatine iki zaman arep ibur

Zaman ibur kenang godaan syeitan
Emutana wasiat kuna gandulan wathon

Allah Allah kula kabeh nuhun ngandul
Pencanangan tiang agung kholifah rosul

Anak bodoh rabi bodoh kula dosa
Nuhun dateng panjenengan kang kuasa

Sapa wonge maca syahadat sinuhun jati
Bakal ngiring tiang agung imam mahdi

4.2. Dajjal

Dajjal iku matane kari siji
Omongane sunya netepi janji

Batuke dajjal yen diwaca tulisane
La’natullah ‘alal kafirin ing unine

Kuping dajjal ngaubi wong patang puluh
Omonge luwih manis biar ngeluluh

Awas santri aja gelem dadi dajjal
Mata melek ati ora eling ajal

Apa maning arep eling ning pangeran
Picek atine  ora weruh ning ganjaran

Yen ora gelem dajjal ngucapaken
Ing batuke syahadat loro gorokaken

Imam mahdi sampun bukti
Wis ngelahiraken cemara putih

Jubah putih sorban putih alamate
Imam mahdi Allah rosul ma’rifate

Negara makkah tanah kang luwih suci
Ora kejajah dajjal bangete benci

Yata ati panggonane eling Allah
Ati suci aja ngelingi liyane Allah

( Malam selasa tgl 15 rajab 1375 H / 1955 M )

Tonggonana sumure arep dibuka
Bakal akeh wong ngaji pada teka

Zaman patang puluh bengi belajarana
Waktu ngaji sira

Sapa santri pengen melek mata jalane
Gage diajar supaya melek mata atine

Bocah santri kang picek mata atine
Ngaku apik tetep lacut agamane

Sapa wonge maring nabi gelem perentah
Demene nambah maring guru syeikhuna

Demen guru ning pitutur lakune
Amal soleh ngajar badan saban dina

4.3 Dicabute Roh

Aja congsi izroil teka Ira salah
Larane luwih lara waktu naza

Tenimbang dipedang sewu pedangan
Panas perih waktu nazah geragepan

Sangang puluh sanga kabek gelitan
Dicukili saban gelitan jejeritan

Ayu batur dedongane ingkang ikhlas
Waktu nazah eling Allah ingkang ihklas

Wong tua dedongane ingkang ikhlas
Waktu nazah eling Allah ingkang ikhlas

Wong tua arep sapa kang dongakaken
Anak rabine ning dunyane ngelalaikaken

Aduh bayi aduh kacung aja nganggur
Sesek peteng dipukuli jero kubur

Arep sapa ngemani maring kita
Siksa neraka dosane luwih nyata

Wong kang sengitan dadi jarane syetan
Dadi urub – urube neraka luwih welan

Ayu batur gage rubah ning pikiran
Sing Wis – wis ayu tobat ning pangeran

( Malam senin tgl 16 dzulqoidah 1375 H / 1955 M )

Bocah santri ba’da maghrib aja ngantuk
Rongo’na bapa guru lagi muruk

Ambekane kesawah – sawah eling Allah
Ganjarane sira diridhoni Allah

Ayu  sabar  kabeh batur ning dunyane
Aja mandeg gage eling pangerane

Kepengen eling ning Allah periben akale
Ayu manut kabeh badan ning rosulle

4.4. Siksa kubur

Ayu eling Allah rosul tut setitik
Muga – muga bisa ngamal ingkang becik

Elingana batur balik maring kubur
Ula kelabang kalajengking kanggo batur

Di tangekaken saking kubur digiring – giring
Teka ning makhsar bumi selaka ora miring

Serngenge duwure batuk ora salah
Luwih panas sor duwur pating gelasah

Madep landrat banget wedi luwih pusing
Ngitung amal blolih mungkir pugu nyanding

Bloli syafa’at pada kelem pada ngelengi
Kenang keringat banyu mata den gendongi

Luwih musakat werna – werna ning salahe
Ora bisa cepet landrat banget payahe

Terus teka angin rokhmat ning umate
Waktu dunya Allah rosul sesambate

Nuhun rokhmat umat islam ning gustine
Sampun cilaka dateng makhsar nyelametaken

( Malam selasa tgl 8 sa’ban 1375 H / 1955 M )

Aja enak sira memangane, kudu digarap kerjaane
Kerja nane den delengi, kurang apik den glendengi

Apa maning sirane glandang glandung
Yen memangan panganane kudu muncung

Majikan bendu terus nundung
Sira balik  pikire dadi bingung

Yen kepengen apik polahane
Majikan ngatur ning arepane

Majikan ngeluh ning gurine
Tekade masih ngepalanane

( Sabtu tgl 20 sa’ban 1375 H / 1955 M )

Mulyane wong ning dunya ana uripe
Gelem eling ning akherate sekarepe

Tapi sira urip kudu jejagaan
Dunya akherat kang dituju kemulyaan

Sira alim melasana ning wong bodoh
Wong bodone tabaruka wajib nyelondo

Sira sugih ayu melasana ning wong miskin
Wong miskine kudu  eling aja priyatin

Doa-Doa
5.5. Doa Arep Turu lan Tangi

Arep turu aja buru–buru bantal
Tangi turu aja buru–buru nyerantal

Kudu ngatur arep turu arep wiridane
Tangi turu dodok jentul maca takbirane

Ana suarane turune aja kelepasen
Kon tafakur ning pangeran aja bosen

Bumi bunder gambare terbanting guling
Iki zaman wis akhir gagian eling

Esuk – esuk jasmanine jaluk sarapan
Tangi turu rohanine jaluk takbiran

Tangi turu dodok jentul maca syahadat
Eling Allah eling perintah gagian nikah

( Malam Ahad tgl 30 Rajab 1375 H / 1955 M )

Untung temen duwe sumur banyune bening
Bias dibuka lamun Sira pada eling

Sumur iku yen buka nyugihaken
Nyucikaken maring badan nyuburaken

Yen kepengen sira santri kudu ngeneng
Sholat tahajjud waktu bengi ingkang anteng

Jaman patang puluh bengi aja batal
Selamet kubure manjing suarga Sira halal

Ba’da mahgrib yahadi atawa ngaji
Ba’da Isya ajar ngobrol terus muji

Eling Allah kudu ana aturane
Maca donga sedurunge sira turu

Tangi turu maca takbiran nuhun rokhmat
Allah ngeraksa kesusahan dunya akherat

5.2. Doa Tangi lan turu

Wong kang gelem nyuciaken kabeh bathine
Allah janji bagusi kabeh laku badane

Wong kang gelem eling Allah ning atine
Kabeh wong pada melas ning sirane

Wong kang gelem meraktekaken amal akherat
Allah nyukupi ning dunyane ngarat – ngarat

Nyuceni weteng mangan nginum ingkang halal
Aja mangan haram riba dadi batal

Bocah santri yen kepengen suci atine
Ilangana najis lan hadas loro

Syahadat loro iku ana dasarane
Suci putih eling Allah aja robah

5.3. Tunjina

Yen kepengen ilmune Siti khodijah
Ati putih eling Allah aja robah

Nangisi badan gawa dosa saban dina
Awit saiki apalane ning tunjina

Urip mati pengen rasa ning senenge
Ayu dilatih ati salim ning wetenge

Kita urip mikir dunya sampe bengkak
Panas ati sirik pirik dadi bebek

sumber:http://aliusmanhs.wordpress.com/tag/nazom-abah-umar/

1 komentar: